MUNTILAN-
Ekstrakurikuler basa mliginipun basa Jawi, dados salah satunggaling unggulan
wonten ing Madrasah Ibtidaiyah (MI) Muhammadiyah Kaweron, kecamatan Muntilan, kabupaten
Magelang. Kejawi saking menika, wonten ing sekolah menika ugi wonten basa
Inggris saha basa Arab.
Kepala MI Muhammadiyah Kaweron, Nurhandayani Ningsih SPdI dhateng KRjogja.com Selasa (30/10) mratelakaken bilih wonten ing Madrasah Ibtidaiyah menika sampun dangu wontening ekstrakurukuler basa Jawa kasebut. Kejawi kangge nggayuh prestasi, ancasing wontenipun kegiyatan ekstrakurikuler menika kangge nuwuhaken raos tersna dhumateng basa Jawa minangka salah satunggaling ragam basa dhaerah ing Indonesia.

“ Kanthi
tepang kalihan basa saha budaya wiwit alit, pramila para guru gadhah pamanggih
bilih siswa saged paham kalihan nerapaken wonten ing pagesangan saben
dintenipun. Langkung-langkung babagan tatakrama.” Mekaten ngendikanipun
Nurhandayani Ningsih SPdI.
Kangge
nyengkuyung kegiyatan menika, Nurhandayani ingkang dados pengurus Paguyuban
Wiyata Bakti (PGWB) MI Kabupaten Magelang jangkepi, bilih wiwit taun 2012
menika wonten ing sekolahan dipunwontenaken “dinten basa Jawi” ingkang dhawah
wonten ing dinten Jum’at. Dados wonten ing salebeting pasinau wonten ing dinten
jum’at menika para Guru saha siswa kedah ngginakaken basa Jawi.
Saderengipun,
Dewi Purnamawati (11th) siswa Madrasah Ibtidaiyah (MI) Muhammadiyah Kaweron,
Muntilan, Kabupaten Magelang, pikantuk juara II wonten ing lomba Pidato Basa
Jawa Tingkat MI Se- Jawa Tengah ingkang dipunadani dening Kementerian Agama,
Provinsi Jawa Tengah wonten ing Asrama Haji Donohudan, Boyolali wulan
kepungkur.
Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037

0 komentar:
Posting Komentar