Film ingkang gadhah irah-irahan 5 cm, ingkang distrudarai
dening Rizal Mantovani, para artis ingkang wonten ing film punika inggih punika
Fedy Nuril, Pevita Pearce, Herjunot Ali, Deny Sumargo kalihan Igor Saykoji,
film adhedhasar novel ingkang gadhah irah-irahan ingkang sami inggih punika 5
cm gadhah cariyos babagan paseduluran 5 tiyang kanca inggih punika Genta,
Riani, Zafran, Ian kalihan Arial lejeng wonten tokoh Dinda, paseduluran 5 kanca
ingkang sampun raket sanget lan mutusaken kangge pisah 3 sasi kangge mados
jatidiri piyambak-piyambak. Film punika ugi ngadakaken syuting wonten ing
Gunung Semeru, Jawa Timur.
Roadshow Film 5 cm ingkang mapan wonten ing Lantai 2 Ambarukmo Plazza, Yogyakarta wonten
ing dinten Minggu, 28 Oktober 2012. Para pemain ingkang dhateng inggih punika
Fedy Nuril kalihan Pevita Pearce ingkang gadhah peran dados Genta kalihan Dinda.
Adicaranipun minangka piranti promosi Film 5 cm ing kutha Yogyakarta, minangka
sarana promosi wonten dinten Senin 29 Oktober 2012 ngawontenaken wawancara
wonten ing Radio Swaragama FM. Film 5 cm punika badhe kaputer wonten ing
bioskop-bioskop wonten tanggal 12 Desember 2012.
Dening : Tri Ristiyani
NIM. 10205244026








0 komentar:
Posting Komentar