RSS

Basa Jawi, Pro Kontra



Wonten 2 pamanggih ingkang mboten gathuk wonten ing perkawis anggenipun ngginakaken Basa Jawi. Inggih menika antawisipun golongan sepuh kaliyan enem. Para sepuh nganggep bilih lare sakmenika sampun mboten gadhah tatakrama. Mboten gadhah unggah ungguh utawi rasa hormat dhumateng tiyang sanes. Perkawis makaten saget dipuntingali saking basa ingkang dipunginakaken ing saben ditenipun. Lare enem sakmenika mboten saged ngecakaken undha usuking basa kanthi leres lan sae. Malah wonten ingkang mboten saget ngginakaken basa Jawa Ngoko, amargi saben dintenipun sampun biasa ngginakan Basa Indonesia.
Kahanan kados menika estu kadadosan wonten ing masarakat. Sanes panyaruwe tiyang sepuh kemawon, kadadosan menika panci kadadosan. Kathah lare enem ingkang sampun mboten purun ngginakaken Basa Jawa dados basa saben dintenipun.
Menawi dipun diteliti, wonten pinten-pinten faktor ingkang ndadosakan basa Jawi menika jarang dipunginakaken.
1.      Basa Jawa menika Sisah
Kathah tembung ingkang kedah dipunginakaken kangge pawicantenan. Tembung-tembung menika kedah dipunpilih pundi ingkang cocok kangge lawan. Ananging wonten jaman sakmenika sedaya kedah serba praktis, kadosan menika ingkang nyebabaken tiyang males anggenipun ngginakaken basa Jawi. Malah wonten ingkang nganggep basa jawi menika basa feodal, tegesipun basa ingkang ngutamakaken pangkat saha drajat. Paham ingkang ngagungaken inggih menika paham egalitarianism, tegesipun paham ingkang nganggep bilih sedaya tiyang menika sami. Dados sedaya ingkang gegayutan kaliyan feodalisme sampun kentun ing jaman, sampun mboten dipunginakaken malih. Napa malih menawi sampun ngendhikan bab basa Krama Inggil kaliyan Aksara Jawa.
2.      Basa Jawa mboten Bergengsi
Bilih wonten tiyang ingkang faseh ngginakaken basa Jawa, tiyang menika dipuncap minangka tiyang dusun. Amargi miturut tiyang ing jaman sakmenika sedayanipun kedah wonten unsur Inggrisipun. Ananging menawi kita sama ningali bintang sinetron estunipun menika mbotrn ngginakaken kaidah basa ingkang sae.
3.      Basa Jawa Mboten Paring Untung Materi
Basa Jawi mboten saget kangge pados pakaryan. Amargi ing jaman sakmenika ingkang paling penting kedah nguaosi teknologi, ingkang umumipun teknologi menika dipunbeta saking tiyang ngamanca. Awit saking menika wigati sanget anggenipun saget basa ngamanca. Malah wonten ingkang ujar mekaten,  “ora bisa basa Jawa, ora patheken”. Cobi kados pundi bilih wonten ingkang kados menika.
Sedaya perkawis menika menawi dipunpenggalih wonten leresipun. Ananging menawi kula saha panjenengan sami naming tumut laiyan panyaruwe menika, kados pundi nasipipun Basa Jawi. Menapa purun dados tamu wonten ing negara piyambak. Ngraosaken sisah wonten negara piyambak amargi ingkang dijunjung namung saking njawi.
Wonten ngandhap menika cara kangge ngadhepi perkawis wonten ing nginggil.
1.    Alasn nomer 1 menawi dipuntingali wonten leresipun, ananging pamanggih naming wonten ing jaman rumiyen. Nalikanipun taksih wonten kraton minangka pusat kuwaosan.  Menawi jaman sakmenika kedahipun sampun beda amargi kraton sanes pusat kuwaosan malih.
Basa Jawi minangka gudangipun unggah ungguh basa. Basa Jawa gadhah kathah tembung ingkang ngemu pakurmatan langkung lengkap bilih dipunlimbangaken kaiyan basa sanes ingkang gadhah ancas kangge paring pakurmatan. Menapa menika mboten  spektakuler sanget!
2.      Ingkang kaping 2 panci mboten saget ucul saking donya ingkang sansaya sempit menika, amargi teknologi ingkang sampun majeng ndadosaken maneka warna info saget mlebet kanthi gampil. Ajar basa manca panci wigati. Ananging perlu dipunemut bilih ingkang dipunpadosi inggih menika jati dhirii bangsa ingkang khas. Ampun nyalahaken leluhur kita sami ingkang sampun paring petunjuk. Kapribadhen ingkang khas wigati sanget supados bangsa sanes saget ngajeni bangsanipun piyambak. Kadosta bangsa Cina kaliyan Jepang ingkang majeng wonten ing teknologi inggih mboten ninggal jati dhirinipun. Menapa mboten langkung sae bilih kita saget basa ngamanca kados Jepang, Inggris, Prancis, Jerman, nanging basa Jawi kula saha panjenangan sami sempurna. Satemah kahanan ingkang kados menika saget mbangun kagum tiyang ngamanca dhumateng bangsa kita.
 3.      “barang sedikit itu banyak yang mencari”. Ing jaman sakmenika kathah tiyang ingkang mboten paham kaliyan budayanipun piyambak. Minangka siswa ingkang wonten ing Pawiyatan, mahasiswa ingkang mlebet jurusan Sastra Jawa jumlahipun langkung sekedihik bilih dipunsandhingaken kaliyan jurusan jurusan wonten ing fakultas FISIP, Hukum, Ekonomi, menapa malij Kedokteran. Ananging saking sekedhik menika ingkang ndamel Sastra Jawa istimewa. Ingkang matur bilih Basa Jawa mboten saget paring penghasilan, kula kinten menika perlu dipunpenggalih malih. Sedayanipun sampun wonten ingkang ngatur. Rejeki, mati, jodho, sampun dipunatur kaliyan Gusti ingkang maha welas.
Ananging sedaya menika mbalik wonten awakipun piyambak. Saget tahan utawi mboten menika gumantung saking usahanipun menungsa piyambak. Mekaten ugi Basa Jawi saget ical utawi Jaya inggih saking usahanipun manungsa piyambak.

Dening : Surya Ayu Septyanti
NIM. 10205244040

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates