Wonten
ing taun 1600an, kala rumiyin Wonosobo taksih awujud wana utawi alas. Lajeng
wonten tiga tiyang ingkang ngembara inggih punika Kyai Walik, Kyai Kolodete lan
Kyai Karim ingkang dadosaken Wonosobo dados pemukiman lan sawah-sawah kangge
tani.
Tiga tiyang ingkang dados panegak Kota Wonosobo kala wau dumunung wonten papan
ingkang beda-beda. Kyai Walik wonten ing Kota Wonosobo, Kyai Karim wonten ing
Kalibeber lan Kyai Koledete wonten wonten ing Dieng
Miturut cariyos, kala wonten ing Dieng Kyai Kolodete gadhah rikma gimbal utawi
gembel lan Kyai Kolodete gadhah sumpah boten badhe pangkas rikmanipun ngantos
daerah Dieng dados makmur lan subur, menawi kalaksanan Kyai Kolodete badhe
marisaken utawi nitisaken rohipun kangge bocah ingkang nembe kemawon miyos
utawi saweg saged mlampah.
Ngantos sakmenika, lare-lare ingkang gadhah rambut gembel dipunwastani lare
sukerta dipunpitados menawi lare menika titisanipun Kyai Kolodete. Menawi badhe
dipunpangkas kedah ngawontenaken upacara ruwatan pangkas rambut gembel lan
menapa kemawon ingkang dados kekajengan lare menika kedah dipunturuti.
Dening : Tri Ristiyani
NIM. 10205244026







0 komentar:
Posting Komentar