RSS

Sendratari Mahakarya Bodobudur





BOROBUDUR- Candhi Borobudhur minangka salah satunggaling candhi budha ingkang madeg ing jamanipun wangsa Syailendra taun 800M, mapan wonten ing kecamatan Borobudur, kabupaten Magelang. Kejawi dados objek wisata ingkang sampun misuwur, wonten ing Borobudhur ugi wonten sendratari ingkang sampun misuwur, inggih menika sendratari Mahakarya Borobudur. Sendratari ingkang namung kaping 4 saben taunipun, anggenipun dipunadani mapan wonten ing panggung Aksobya, ingkang wonten ing sisih wetan saking candhi Borobudhur. Sendratari Mahakarya Borobudur menika ugi misuwur dipunsebut The Masterpiece of Borobudur Ballet, ingkang betahaken antawisipun 250 paraga beksa saking Kitha Solo, Magelang Saha Ngayogyakarta. Sendratari menika nyariosaken madegipun candhi Borobudhur wonten ing abad kaping-8M wonten ing pamerintahanipun dinasti Syailendra dumugi dados candhi ingkang misuwur wonten ing tlatah ngamanca saha dados candhi budha ingkang paling ageng wonten ing salebeting jagad.
Kanthi wontenipun sendratari menika, candhi Borobudhur dados objek wisata ingkang saestu saged kangge sinau babagan budaya kanthi damel remening manah. Wontening candhi ingkang misuwur menika saged kangge pasinau bilih tiyang Jawi menika sampun gadhah kabudayan ingkang inggil. Kasiling kabudayan ingkang awujud candhi menika saged nuwuhaken raos bombonging manah bilih masarakat Jawi menika boten kalah kalihan masarakat sanes saking nagari Indonesia menapa dene saking negeri ngamanca.
Pramila saking menika, sampun dados kuwajibanipun sadaya masarakat Jawi kedah nguri-uri kabudayanipun kanthi sae supados kabudayan Jawi ingkang misuwur dumugi ngamanca menika boten ical saha saged ngrembaka wonten jagad menika. 
( kapethik saking http://krjogja.com/read/148416/poppy-minta-sering-dipentaskan.kr kalihan http://travel.ghiboo.com/richard-gere-untuk-sendratari-mahakarya-borobudur).


Dening : Nur  Rochim
NIM. 10205244037

Telaga Sunyi Baturraden-Purwokerto


 
Menawi panjenengan badhe ngawontenaken pawiyatan wisata wonten ing Banyumas, kathah tiyang ingkang paring pirsa Baturraden. Panci lokawisata Baturraden menika nawakake kaendahan alam ingkang sae sanget, milai saking kebun binatang, pancuran 3 lan pancuran 7, telaga, curug, pemandian air panas lan sanes-sanesipun. Akses margi tumuju papan menika boten angel, saged ginakaken mobil, motor, angkutan umum ugi kathah ingkang tumuju wonten Baturraden. Papan ingkang boten angel dipuntuju menika dadosaken tiyang kathah ingkang tumuju wonten ing mrika. Salah satunggalipun lokawisata ingkang dipuntuju dening pengunjung inggih menika Telaga Sunyi.
Telaga Sunyi inggih menika salah satunggalipun obyek wisata alam ingkang awujud gabungan saking lepen kalihan curug ingkang mapan wonten ing alas Baturraden, Purwokerto, Jawa Tengah. Kangge tumuju dhateng telaga sunyi menika betahaken wekdal kira-kira 15 menit tumuju arah wetan saking wisata Baturraden. Kaendahan ingkang badhe dipuncaosaken saking telaga sunyi menika saged damel gumun amargi toya ingkang mili saking lepen menika dados kolam alami ingkang saged dipun-ginakaken kangge renang, dolanan toya. Sanesipun wonten curug ingkang sisih ngandhapipun dados kolam ageng lan jeronipun dumugi 3 meter.
Hawa wonten ing saindhenging telaga sunyi menika kalebet ayem, toya ingkang wening, bersih, lan watu-watunan alam ingkang sae. Wonten woh-wohan ingkang damel suasana ayem, sejuk, lan seger. Mila menawi panjenengan liwat wonten daerah Purwokerto, sampun kesupe mampir wonten Telaga Sunyi menika.


Dening : Laeli Nur H.
NIM. 10205244043


Telaga Warna



                                                                                                                                                                                     

Hawane adhem sarta swasana kathah jawah, sakiwa tengene kathah wit-witan dadosaken Dieng endah, salah satunggaling obyek wisata ingkang wonten ing Dieng inggih punika Telaga Warna.Telaga Warna inggih punika salah satunggaling telaga ingkang wonten Dieng, Kabupaten Wonosobo. Telaga Warna gadhah titikan piyambak amargi warninipun inggih punika ijem, pethak, kala rumiyin wonten warni kuning ananging sakmenika wontenipun warni ijem kaliyan pethak.
Miturut cariyos ingkang dadosaken Telaga Warna gadhah maneka warna inggih punika wonten jaman rumiyin wonten ali-ali ingkang sakti bangsawan dhawah wonten ing dhasar telaga, banjur toya wonten ing telaga dados maneka warni, ananging saking bidang ilmiah ingkang dados sabab telaga gadhah maneka warna inggih punika Telaga Warna inggih punika kawah gunung ingkang ngandhut belerang.
Punapa cariyosipun ingkang saestu Telaga Warna punika endah sanget, trep sanget kangge ingkang remen plesir. Hawane ingkang adhem lan sakiwa tengen dalan kathah wit-witan dadosaken Telaga Warna endah, boten namung Telaga Warna ananging wonten Dieng ugi wonten Telaga Pengilon, Komplek Candi lan kawah-kawah, upaminipun Kawah Sikidang. 

Dening : Tri Ristiyani
NIM. 10205244026
Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates