BOROBUDUR- Candhi
Borobudhur minangka salah satunggaling candhi budha ingkang madeg ing jamanipun
wangsa Syailendra taun 800M, mapan wonten ing kecamatan Borobudur, kabupaten
Magelang. Kejawi dados objek wisata ingkang sampun misuwur, wonten ing
Borobudhur ugi wonten sendratari ingkang sampun misuwur, inggih menika
sendratari Mahakarya Borobudur. Sendratari ingkang namung kaping 4 saben
taunipun, anggenipun dipunadani mapan wonten ing panggung Aksobya, ingkang
wonten ing sisih wetan saking candhi Borobudhur. Sendratari Mahakarya Borobudur
menika ugi misuwur dipunsebut The Masterpiece of Borobudur Ballet, ingkang
betahaken antawisipun 250 paraga beksa saking Kitha Solo, Magelang Saha
Ngayogyakarta. Sendratari menika nyariosaken madegipun candhi Borobudhur wonten
ing abad kaping-8M wonten ing pamerintahanipun dinasti Syailendra dumugi dados
candhi ingkang misuwur wonten ing tlatah ngamanca saha dados candhi budha
ingkang paling ageng wonten ing salebeting jagad.
Kanthi
wontenipun sendratari menika, candhi Borobudhur dados objek wisata ingkang
saestu saged kangge sinau babagan budaya kanthi damel remening manah. Wontening
candhi ingkang misuwur menika saged kangge pasinau bilih tiyang Jawi menika
sampun gadhah kabudayan ingkang inggil. Kasiling kabudayan ingkang awujud candhi
menika saged nuwuhaken raos bombonging manah bilih masarakat Jawi menika boten
kalah kalihan masarakat sanes saking nagari Indonesia menapa dene saking negeri
ngamanca.
Pramila
saking menika, sampun dados kuwajibanipun sadaya masarakat Jawi kedah nguri-uri
kabudayanipun kanthi sae supados kabudayan Jawi ingkang misuwur dumugi ngamanca
menika boten ical saha saged ngrembaka wonten jagad menika.
( kapethik saking http://krjogja.com/read/148416/poppy-minta-sering-dipentaskan.kr
kalihan http://travel.ghiboo.com/richard-gere-untuk-sendratari-mahakarya-borobudur).
Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037
0 komentar:
Posting Komentar