RSS

SMP N 5 Purwokerto Juara Lomba Karawitan





Sabtu, 27 Oktober 2012

           Purwokerto – SMP N 5 Purwokerto dados juara umum festival karawitan antawisipun siswa SMP wonten ing Kabupaten Banyumas ingkang dipunwontenaken ing taman rekreasi Andangpangrenan, Purwokerto dinten Setu, 27 Oktober kalawingi. SMP N 5 Purwokerto menika kasil angsal tiga piala inggih menika minangka juara umum, penyaji paling sae, lan sinden paling sae.
“Kasiling menika amargi para siswa ingkang remen, disiplin anggenipun latihan karawitan menika ingkang biasanipun dipunwontenaken seminggu ping tiga, rutin” Ngendikanipun Bapak Kuat Waluyo, guru Seni Karawitan SMP ‘Kesenian’ Purwokerto
Wonten ing SMP N 5 menika, karawitan inggih menika pawiyatan ekskul ingkang wajib dipunderekaken dening sedaya siswa. Boten naming siswanipun ingkang nderek karawitan, nanging guru lan karyawanipun ugi dipunbentuk kelompok karawitan ingkang gadhah ancas kangge ndukung minat para siswanipun kangge nyinaoni instrument gamelan.

Dening : Laeli Nur H.
NIM. 10205244043

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates