BENEDICT
R. O’Gorman Anderson inggih menika murid ingkang langkung ageng tinimbang
gurunipun. Sejatine boten cetho menapa Soemarsaid Moertono, panyerat buku
Negara lan Bina-Negara ing Jawa Masa Lampau, nate mucal Ben—nama celukan
Anderson—nalika tahun 1964, nalika Moertono ngrampungaken bukunipun ingkang
sapisan dados tesis wonten ing Universitas Cornell. Sampun pasthi, Moertono nyukani
kredit dateng Ben muda, ingkang wonten ing ucapan matur nuwun panjenenganipun
dipunsebat “telah membaca, membaca ulang,
memberi komentar, dan mengetik, dan mengetik ulang naskah tesis-nya” kasebat.
Saged
dikinten-kinten, sanesipun rawuhipun ingkang sapindah dateng Indonesia nalika
1961-1964 ingkang dipunraosaken “Indonesia
saat itu pada dasarnya Jawa”, Ben Anderson angsal wawasan saha ilham
babagan pengaruh budaya Jawa wonten ing politik Indonesia saking Moertono. Lajeng
piyambakipun nyerat The Idea of Power in
Javanese Culture, satunggal seratan ingkang disebataken dening R. William
Liddle dados karya paling orisinal ing literatur politik Indonesia.
Wonten
mriki, sesarengan karya-karya sanesipun, khususipun ingkang ngrembag budaya
Jawa wonten ingkang magepokan kalihan politik Indonesia, Ben saged dados
langkung ageng tinimbang Moertono, Claire Holt, Prof. Poerbatjaraka, saha Pak
Kodrat—tiyang-tiyang ingkang nepangaken kebudayaan Jawa, ingkang nalika semana
taksih asing kagem piyambakipun.
Sakmenika,
menawi ngrembag babagan relasi kebudayaan Jawa saha politik Indonesia, saben
penulis saha pengamat politik Indonesia mesti nyebataken namanipun. Buku Ben ingkang
irah-irahan Kuasa-Kata: Jelajah
Budaya-Budaya Politik di Indonesia, ingkang dipuntraslate dening Language and Power: Exploring Political
Cultures in Indonesia, ingkang sapisan terbit nalika taun 1990, saged
diandharaken wonten kempalan karya-karya tulis Ben Anderson ingkang paling
dominan, nyebabaken piyambakipun dikenal dados salah satunggal Indonesianis ingkang
paling ageng dugi sakmenika.
Sanesipun
karya-karya monumental kadosta The Pemuda
Revolution: Indonesian Politics 1945-1946 dan Imagined Communities: Reflections
on the Origins and Spread of Nationalism, buku Kuasa-Kata nelakaken pendekatan
khas budaya, ingkang damel analisis sosial-politik Ben langkung benten saking
sanesipun.
Pendekatan budaya kasebat katingal saking
wosing buku Kuasa-Kata menika. Kanthi pengecualian Bab III, Negara Lama, Masyarakat Baru: Orde Baru Indonesia dalam
Perbandingan Perspektif Kesejarahan, yang menurut Vedi R. Hadiz (1992)
kaserat kanthi pendekatan “struktural”
non-Marxis ala Barrington Moore utawi Theda Skocpol, ameh sedaya analisis
Ben babagan dinamika politik ing Indonesia, saking zaman kerajaan Jawa dugi
Orde Baru, ditelusuri saking bahasa lan penjelajahan artifak-artifak budaya sanesipun,
kadosta babat, kartun, lan monumen nasional.
Saking
sedaya bab, buku kandhel menika kadhapuk saking wolu bab, ditambah satunggal
bab pengantar panjang ingkang nyariosaken “autobiografi
intelektual” Ben nalika piyambakipun taksih dados mahasiswa sastra klasik ing
Universitas Cambridge, Inggris, dumugi dados ahli politik babagan Indonesia.
Prathelan
sapindah buku menika kadhapuk saking tigang esai babagan kekuasaan. Esai
sapindah, Gagasan tentang Kuasa dalam
Budaya Jawa, nelakaken “rasionalisme”
utawi langkung trepipun “sistematika”
kekuasaan dalam pemikiran tradisional Jawa, ingkang kontras kaliyan “rasionalisme” konsep kekuasaan masyarakat
Barat.
Konsep
kekuasaan Jawa, kanthi mekaten, kedah dipunmangertosi kanthi cara ingkang
benten kalihan kita mnagertosi kekuasaan saking “lensa” Barat. Argumen sanes
seratan menika, ingkang benten kalihan harapan tiyang nalika semana bilih kekuasaan
Soeharto nembe pragmatis lan rasional, inggih mneika bilih Soeharto leresipun
praktekaken kathah konsepsi kekuasaan Jawa ingkang dipunpraktekaken dening
tiyang ingkang digulingaken (boten gumunaken, wonten ing terjemahan sapindah
naskah menika wonten buku ingkang diedit Miriam Budiardjo nalika taun 1984, sedaya
acuan ingkang nedahaken gegayutan menika disensor supados saged terbit).
Prathelan
kapindho buku menika dipublikasiaken nalika taun 1966, 1978, lan 1984,
difokusaken dateng relasi antawisipun bahasa Jawa lan bahasa Indonesia lan
politik. Esai sapindah, Bahasa-Bahasa Politik Indonesia, ugi mujudaken seratan ingkang boten kalah
misuwuripun kalihan gagasan Kuasa. Sebab, menika dados seratan sapindah ingkang
neliti perkembangan bahasa Indonesia modern saking sudut klasik.
Dene
wonten ing Gagasan Kuasa Ben ngandharaken persistensi kekuasaan Jawa
tradisional lan pengaruhipun dateng kehidupan politik kontemporer, wonten ing Bahasa
Politik Ben ngrembag signifikansi politik saking pengaruh kados proses
“Jawanisasi” bahasa Indonesia, ing teges ingkang psikologis.
Bahasa
Indonesia ingkang revolusioner lan egaliter soyo tergusur dening proses
Jawanisasi, ingkang ndadosaken menika “lamban”
lan hirarkis. Esai Kartun dan Monumen: Evolusi Komunikasi
Politik di Bawah Orde Baru inggih asilipun Ben anggenipun nggatosaken direct speech lan symbolic speech.
Kekalih warni speech menika nedahaken kelunturan semangat revolusi Indonesia, saha
tanda-tanda refeodalisasi wonten ing mentalitas masyarakat Indonesia.
Ilham
seratan menika leresipun dipunasilaken Ben kanthi “boten sengaja”. Akibat
saking seratanipun kalihan Ruth McVey, A
Preliminary Analysis of the October 1, 1965, Coup in Indonesia, pemerintah
Orde Baru boten marengaken Ben mewawancarai aktor politik Indonesia. Kagem
ngisi wekdal, Ben mlampah mubeng Kuta Jakarta, mirsani monumen, maos koran lan
komik, lan mirsani film, ingkang dadosaken materi analisisipun.
Anggenipun
ginakaken serat, suluk, novel, biografi, saha teks sanesipun menika ugi
dipunlampahi Ben wonten ing esainipun ingkang kaping tiga, Sembah-Sumpah: Politik Bahasa dan Kebudayaan Jawa. Saking
penelusuranipun marang teks kuno lan kontemporer, Ben ngandharaken krisis kebudayaan
Jawa lan kontradiksi ingkang sinebat wonten ing lebetipun.
Prathelan
kaping tiga saking Kuasa-Kata kadhapuk saking kalih esai, ingkang dening Ben
dipunsebat “eksperimental”. Kekalihipun nyobi ngandharaken saha mangertosi perubahan
ingkang ageng saking alam kesadaran kaum intelektual Jawa, saking pungkasan
abad kaping -18 dumugi dasawarsa sapindah abad ke-20.
Esai
sapindah, ingkang Ben dipunanggep dados karyanipun ingkang paling sae wonten
ing antologi menika dados “pembedahan” Ben dateng biografi ingkang dipunserat
kanthi boten biasa dening tokoh
pergerakan berkebangsaan Jawa ingkang misuwur ing Indonesia, Dr. Soetomo. Ben nedahaken
“keterputusan”— lan amargi menika tarik-menarik—antawisipun Dr. Soetomo lan
para leluhuripun lan antawisipun semangat nasionalisme Indonesia lan akar
ke-Jawa-anipun.
Ben
remen sanget kalihan Dr. Soetomo, sosok ingkang miturut piyambakipun boten
namung “lovely man”, ananging uga altruistis dateng rakyat, tiyang-tiyang
ingkang nate dados pegawainipun. Wonten ing esai ingkang kaping kalih, satunggal
artikel ingkang dereng nate dipunpublikaiaken sakderengipun, Ben mirsani dateng
serat Centhini lan Suluk Gatholoco, kalih karya ingkang klasik amargi
kekalihipun—ginakaken definisi Mark Twain—nyekapi kriteria “something that everybody wants to have read and nobody wants to read”.
Ben
ginakaken kekalih buku tembang kasebat boten ateges karya seni utawi ateges
bukti bukti peristiwa sejarah, ananging ateges “phantasmagoria”—imajinasi liar—inggih
menika imaji-imaji politik sakderengipun istilah “politik” menika piyambak
mlebet kosakata bahasa Jawa, lan fantasi babagan kelas sakderengipun kesadaran babagan
kelas dipunmangertosi dening masyarakat Jawa.
Miturut
Ben,kekalih naskah menika kanthi mekaten saged dipunmangertosi kanthi cara “subversi”
sekelompok intelektual Jawa nalika abad 19 kagem merespons keruntuhan
kepemimpinan oligarkis Jawa lan penyerahan tuntas Pulau Jawa dateng penguasa
kolonial.
Amargi
analisisipun ingkang kerep medal saking—utawi nantang—konvensi ingkang umum,
Ben Anderson boten jarang nuwuhaken kritik ilmuwan sanes. Kritik wonten ing
level teoretis, kadosta, dipunandharaken dening Koentjaraningrat (1984), ingkang
nolak konsepsi kekuasaan Jawa kados menapa ingkang dipunsimpulaken dening Ben.
Menawi
dipunringkes, Koentjaraningrat, bapak antropologi Indonesia, sapindah nolak
anggenipun ginakaken bahan cariyos, upacara, lan ujaran orang Jawa kagem
nyimpulaken konsepsi kekuasaan Jawa ingkang saktenanipun. Wonten ing ukara
Koentjaraningrat, “Anderson boten cukup tepang kalihan tiyang Jawa menawi
piyambakipun nginten-inten bilih tiyang-tiyang sanes ugi nganggep menapa
ingkang wonten ing cariyos-cariyos menika wujudipun realitas.”
Koentjaraningrat
kanthi boten langsung ugi menyanggah kesimpulan partikularitas konsep kekuasaan
Jawa kanthi ngandharaken komponen kekuasaan sarta syarat-syarat kepemimpinan wonten
ing tigang kerangka komparatif: masyarakat alit saha sedang, masyarakat
tradisional, lan masyarakat masa kini.
Koentjaraningrat
ugi mengkritik penekanan Ben, ingkang namung fokus dateng satunggal komponen
kekuasaan Jawa: “kesaktian”. Kritik ingkang langkung praktis wonten ing
implikasi gagasan “konsep kekuasaan Jawa”, ingkang kados dipuargumentasikaken
Ben kedah dipunmangertosi benten kalihan konsep ingkang dipunmangertosi
masyarakat Barat.
Ben,
ingkang saktenanipun gadahi watak revolusioner lan anti-status quo, kanthi
gagasanipun menika boten pengen kajebak ing “pembelaan” dateng rezim Orde Baru,
ingkang dipunanggep kathah gadahi paralelisme kalihan kerajaan-kerajaan Jawa
Kuno.
Partikularisme
konsep kekuasaan Jawa ingkang dipunterapaken Soeharto dados tameng kagem
nangkis kritik-kritik politik ingkang dipunandharaken dening pihak saking njawi,
ingkang dipunbiji dening pemerintah Orde Baru dados terkontaminasi budaya
Barat.
Ben
Anderson, nalika taun 1972 sakdangunipun 26 tahun boten dipunparengaken dening
rezim Orde Baru sowan dateng Indonesia, kanthi paradoks “membela” musuhipun
menika. Kritik saklajengipun dipuntelakaken sanes dateng Ben Anderson, debe
dateng penerjemah buku menika.
Menurut
kula, asil terjemahanipun kalebet lumayan, ananging taksih tebih saking
elastis. Dipunbandingaken terjemahan bab The Idea of Power in Javanese Culture wonten
ing buku menika kalihan terjemahan Samekto lan A. Rahman Zainuddin wonten ing
buku Aneka Pemikiran babagan Kuasa lan Wibawa, ingkang dipunedit Miriam
Budiardjo. Terjemahan Samekto lan Rahman Zainuddin langkung gampil dipunwaos.
Para
pamaos ingkang gadahi kemampuan bahasa Inggris ingkang cekap saged langkung
cepet mangertosi maksud ukara Ben saking teks basa aslinipun (bandingaken
kalihan minangka kita mirsani film kanthi subtitling ingkang sae—maksud ingkang
pengen dipunpundhut saking proyek penerjemahan buku).
Medal
saking angelipun anggenipun ngalihaken basa teks-teks Ben ingkang prosais,
terjemahan buku menika dirasa alot ing kerongkongan. Nggih, menika problem umum
ingkang dadosaken kerikil ageng wonten ing tengah-tengah minggahipun gairah
penerjemahan lan penerbitan buku wayah-wayah sakmenika.
Dening : DYAH ARUM RATRI
NIM. 10205244031
0 komentar:
Posting Komentar