Gotong
royong, tembung ingkang awrat sanget kangge pagesangan. Manungsa ingkang
dipunlairaken dados mahluk social boten saged tebih kalihan gotong royong.
Pawiyatan menapa kemawon mesthi mbetahaken gotong royong. Gotong royong menika
pawiyatan social ingkang dados ciri khas tiyang Indonesia saking jaman rumiyin
dumugi sakmenika. Raos sesarengan menika lair amargi wontenipun raos social
tanpa pamrih saking individu kangge mbiyantu tiyang sanesipun. Kula lan
panjenengan namung saged nemokaken gotong royong wonten ing Indonesia mawon
amargi wonten ing nagara sanes tiyang-tiyangipun sami gadhah sikap acuh tak
acuh tumrap lingkungan. Wontenipun budaya gotong royong ing Indonesia inggih
menika saking para pejuang bangsa jaman rumiyin ingkang dipun-adu domba dening
penjajah, satemah tiyang-tiyang menika sami selisih paham, curiga, iri la
dengki mila gampil sanget para penjajah nguwasani Indonesia. Pramila saking
kadadosan menika para pejuang ngewahi cara anggenipun nglawan penjajah inggih
menika sedaya bangsa Indonesia mbucal pikiran ingkang dadosaken selisih paham,
nyawiji dados satunggal, lan mangun budaya gotong royong menika.
Gotong
royong inggih menika sikap ingkang sae ingkang kedah dipunlestantunaken supados
bangsa Indonesia saged dados bangsa ingkang ayem, tentrem, aman lan nyaman. Amargi
wiwit lit dumugi sakmenika, kula lan panjenengan sampun sami dipunparingi pirsa
ngengingi budaya gotong royong ing masarakat. Kamangka bangsa Indonesia saged
nyawiji dados satunggal saking suku, agama, budaya, warna kulit ingkang
beda-beda saben daerahipun. Budaya gotong royong boten namung wonten dusun
kemawon, ananging wonten daerah kutha ugi taksih wonten budaya menika. Kahanan menika
ingkang dadosaken bangsa Indonesia dados bangsa inking dipunremeni dening
bangsa sanesipun amargi budaya ingkang unik saha gadhah toleransi antawisipun
masarakat. Ananging jaman sakmenika, gotong royong wonten ing kutha sampun
kathah ingkang dipunginakaken kangge pawiyatan ingkang boten sae, kadosta
gotong royong kangge korupsi, gotong royong tawuran, gotong royong kangge demo,
lan sapanunggalanipun.
Kahanan
ingkang mekaten saged damel budaya gotong royong ingkang sampun wonten wiwit
rumiyin milai luntur. Lunturipun budaya gotong royong saking masarakat saged
damel bangsa Indonesia dados bangsa ingkang kirang sae wonten ing pamanggih
bangsa sanes amargi kathah tindhak pidana ingkang dipunlampahaken dening
masarakatipun. Sanesipun menika, para tiyang anem ugi boten gadhah sikap lan
sifat kangge ngormati tiyang sanes, moralipun kirang sae, tiyang-tiyang namung
mentingaken awakipun piyambak-piyambak. Ananging menawi gotong royong menika
dipunlampahaken, sedaya prekawis saha pedamelan ingkang sisah badhe cepet bibar
amargi gotong royong menika. Kahanan menika sami kalihan ingkang
dipunandharaken dening Azinar Sayuti menawi:
Segi
lain yang dapat diperoleh faedahnya dari gotong royong ini adafah rasa
keikutsertaan dan tanggung jawab bersama warga masyarakat bersangkutan dalam
usaha pembangunan baik dalam bentuk fisik maupun nonfisik atau menurut
bidang-bidang kehidupan yang terdapat dilingkungan masayarakat setempat.
(Azinar Sayuti, 1983:18 7).
Gotong
royong wonten ing jaman sakmenika sampun kathah ingkang dipunginakaken boten
leres, kadosta gotong royong kangge korupsi. Gotong royong kangge kotupsi
menika kathahipun dipunlampahaken dening anggota DPR. Anggota DPR menika
ngginakaken arta ingkang sanes gadhahipun piyambak utawi dipunsogok dening tiyang-tiyang ingkang
gadhah kabetahan tartamtu. Para anggota DPR menika sami sareng-sareng gotong
royong korupsi, ananging menawi sampun ketangkep dening pulisi ugi ngginakaken
cara kekeluargaan kanthi nyogok hakim, jaksa lan pengacara supados saged bebas
saking kasus korupsi menika. Wujud gotong royong ingkang dipunginakaken kangge
pawiyatan ingkang boten sae inggih menika gotong royong tawuran. Tawuran menika
kathahipun dipunlampahaken dening pelajar SMP, SMA, ugi mahasiswa. Sebabipun biasanipun
namung prekawis sepele kadosta raos tersinggung, kalah main, utawi rebutan kanca estri, lan sapanunggalanipun. Tuladha
sanesipun ngengingi gotong royong inggih menika gotong royong mencontek, biasanipun kadadosan wonten
ing siswa rikala ujian. Siswa gadhah ide kathah kangge nyonto kalihan kncanipun
supados pikantuk wangsulan ingkang dibunbetahaken kadosta nglirik, sami paring
kode, sami mbiyantu wangsulan. Sedaya kahanan wau kalebet budaya gotong royong
ingkang boten sae, gotong royong menika sampun tumuju dhateng arah ingkang negatif.
Mila saestu sanget menawi gotong royong boten saged ical saking budaya
Indonesia. Panci sedaya menika dipundasari saking sikap gotong royong ananging
ancasipun sampun beda, inggih menika tumuju prekawis ingkang boten sae.
Sedaya
pawiyatan mesthi migunani saha damel sengsara tumrap tiyang kathah. Semanten ugi
kalihan pawiyatan gotong royong wonten ing masarakat. Menapa malih manungsa
ingkang dipunlairaken dados makhluk social utawi mesthi mbetahaken bantuan
saking tiyang sanes. Ginanipun nglampahaken pawiyatan gotong royong kalihan
tiyang sanes kathah sanget kadosta saged nuwuhaken raos pasedherekan ingkang
sae kalihan tiyang sanes, saged langkung ngormati pamanggihipun tiyang sanes,
gesangipun boten wonten pambeda, ayem, tentrem, nebihaken saking raos individualistik,
wontenipun interaksi ingkang sae kalihan sesame, saha wontenipun raos pengin
mbiyantu tumrap tiyang sanes. Semanten ugi gotong royong wonten efek ingkang
boten sae menawi dipunginakaken kangge pawiyatan ingkang boten sae, menapa
malih ancasipun sampun medal saking paugerannipun. Efek gotong royong ingkang
boten sae kadosta saged dadosaken perpecahan
antawisipun masarakat, nuwuhaken sikap individualistik, gesangipun boten aman,
ayem, tentrem, asring kadadosan selisih paham lan sapiturutipun. Milai saking
menika, kula lan panjenengan kedah sareng-sareng nuwuhaken raos gotong royong
supados masarakat Indonesia boten ical moral saha budayanipun ingkang sampun
wonten wiwit taksih alit.
Pramila
saking mekaten, mangga kula lan panjenengan sedaya sami mangun sikap gotong
royong malih supados leres kanthi cara damel organisasi ingkang kathah
pawiyatan social kangge nuwuhaken raos pasedherekan ingkang sae, supados gotong
royong menika boten dipunginakaken kangge pawiyatan ingkang boten sae kanthi pemahaman wiwit taksih alit supados
budaya gotong royong menika sampun tinandur wonten ing pribadi saben tiyang. Menawi mekaten boten wonten malih tiyang-tiyang
ingkang kirang sae amargi nyalahi
pedoman ingkang mesthinipun dipunlampahaken. Bangsa Indonesia ugi saged gesang
kanthi aman, tentrem saha tetep nglestantunaken budaya gotong royong ingkang sampun wonten
wiwit jaman rumiyin.
Dening : Laeli Nur H.
NIM. 10205244043
0 komentar:
Posting Komentar