
Wayang inggih punika salah
satunggaling warisan budaya ingkang kedah dipun uri-uri kangge para mudha-mudhi
mliginipun tiyang Jawi. Wonten ing wayang gadhah nilai-nilai filosofis ingkang
sagen dipundadosaken prinsip wonten ing gesang kula kaliyan panjenengan sedaya.
Pamiji Filsafat ingkang wonten ing Wayang kathah sanget mliginipun babagan
moral. Wonten ing wayang gadhah cariyos babagan lelakonipun gesang manungsa
kanhi sedaya perkawis ingkang wonten ing gesang manungsa.
Kula
kaliyan panjenengan sedaya tamtu sampun mangertos menawi wayang sampun
dipuntemtokaken dados salah satunggaling warisan budaya kemanusiaan ingkang adiluhung wonten ing taun 2004 dening UNESCO, seni
kaliyan budaya wayang kulit saking
Indonesia punika (the Wayang Puppet Theater of Indonesia)
dinobataken dados karya adiluhung (masterpiece) dening PBB. Miturut
Unesco, 28 jenis seni kaliyan kabudayan wonten ing donya punika, wayang kulit
dados urutan angka satunggal dados karya adi luhung lisan warisan kemanusiaan (Masterpiece of the Oral and Intangible
Heritage of Humanity).
Wonten ing jaman sakmenika
nilai-nilai filosofis ingkang wonten ing wayang sejatosipun saged
dipundadosaken prinsip gesang ingkang
kebak budi pekerti kaliyan moral-moral ingkang sakmenika sampun luntur saking
sedaya generasi, wontenipun pengaruh kabudayan manca dadosaken nilai-nilai
kabudayan wonten ing nagara Indonesia dados saya luntur. Kathah tiyang ingkang
boten eling kaliyan kabudayan piyambak ananging remen sanget budaya manca.
Boten salah menawi remen budaya manca ananging kula lan panjenengan sedaya
kedah tetep milah-milih budaya manca ingkang mlebet wonten ing nagara kita.
Wonten ing Wayang utawi pagelaran
wayang kula kaliyan penjenengan sedaya saged manggihaken nilai-nilai teologi, filosofi, etika, estetika, moral.
Wonten nilai-nilai filsafat ingkang saged dipunpundhut saking pagelaran Wayang,
lakon-lakon wonten ing pewayangan ugi gadhah watak-watak ingkang maneka warna
kadosta watak ksatriya, watak ingkang jahat, wicaksana, watak pemimpin.
Etika ingkang wonten ing pagelaran
wayaang utawi lakon pewayangan dados piranti kangge ngrubah tingkah laku ingkang boten trep kaliyan
norma-norma ingkang wonten ing masarakat. Tokoh Wayang saged dados inspirasi
kangge proses dados manungsa ingkang gadhah budi pekerti ingkang luhur. Lelakon
ingkan wonten ing pagelaran Wayang ugu nggambaraken lelakon gesang manungsa
ingkang kathah perkawis ananging kanthi perjuangan kaliyan donga saged
nglampahi sedaya lelakon, kados lampahan Bimasuci ingkang nyariosaken madosi
toya amertasari, kathah alangan ingkan ngalangi ananging saged dipunlakoni.
Filosofi ingkang wonten ing
pagelaran Wayang inggih punika sejatosipun wonten ing donya punika kula lan
panjenengan sedaya madosi jati diri kanthi lelakon ingkang leres kaliyan
manunggaling kawula gusti. Nilai estetika wonten ing wayang inggih punika
wayang minangka salah satunggaling asling kabudayan ingkang adiluhung, saking
pemikiran manungsa lan wujudipun seni ingkang inggil.
Ananging sakmenika pagelaran wayang
sampun boten asring dipunadani, minangka wonten adicara tartamtu kemawon,
ananging antusias masarakat taksih wonten, namung para mudha mudhi boten
nyengkuyung sanget. Menika dados jejibahan kangge kula kaliyan panjenengan
sedaya mliginipun tiyang Jawi kedah nguri-uri malih asiling budaya manungsa
ingkang adiluhung kaliyan gadhah nilai-nilai filosofis ingkang migunani kangge
gesang manungsa wonten ing lelakon gesang.
Eksistensi wayang wonten ing jaman
sakmenika kirang sanget, amargi kathah budaya saking manca ingkang bebas sanget
mlebet wonten ing nagara kita tanpa dipunsaring punapa ingkang becik kaliyan
punapa ingkang ala. Masarakat tansah nampi sedaya tanpa nyaring budaya ingkang
trep kaliyan adat istiadat nagar kita.
Lakon-lakon ingkang wonten ing
pagelaran wayang tamtu gadhah daya tarik piyambak
kangge ingkang mirsani, kathah ingkang remen kaliyan lakon ingkang satriya,
wicaksana, punika saged dados piranti kangge nyinaono babagan budi pekerti
kangge generasi mudha mudhi sakmenika kados pundi dados manungsa sejatos
ingkang gadhah watak ingkang sae. Dados pemimpin ingkang ngayomi, wicaksana
kangge rakyatipun.
Menawi saking Teologi utawi ilmu
babagan ketuhanan, wayang ugi
nyariosaken lelakon dados manungsa ingkang sejati, boten nuruti hawa nepsu
donya lan lair batin nuju kebenaran
sejati kanthi nindakaken lelakon gesang kanthi leres, nyuwun mring Gusti
Ingkang Maha Agung supados ngalahaken antawis nepsu-nepsu donya.
Sakmenika sumangga kula kaliyan
panjenengan sedaya, badhe kados pundi eksistensi wayang kulit ing taun-taun
ngajeng, sinten malih ingkang badhe nguri-uri sasanese kula kaliyan panjenengan
sedaya mliginipun tiyang Jawi.
Dening : Tri Ristiyani
NIM. 10205244026
0 komentar:
Posting Komentar