Kirab apem
sewu inggih menika acara ritual syukuran masyarakat Kampung Sewu, Solo, Jawa Tengah ingkang dipunlampahi saben
wulan haji (wulan Zulhijah-kalender penanggalan Islam).
Ritual
syukuran kasebat dipunlampahi kagem nepangaken Kampung Sewu ingkang dados
sentra produksi apem dateng sedaya masarakat lan ugi kagem paring pakurmatan
dateng sedaya para pandamel apem ingkang wonten ing mrika.
Sanesipun
menika, upacara ritual syukuran meika
dipundamel kagem ngaturaken rasa syukur dateng Gusti amargi desa lan papan panggonan masarakat sedaya sampun
aman saking musibah.
Kenging menapa
mekaten ? miturut Ketua Pelaksana Kirab Apem Sewu, Pak Hadi Sutrisno, papanipun
Kampung Sewu Solo menika wontene ing pinggir Kali Bengawan Solo, kalebet daerah
rawan banjir. Pramila, masarakat kedah ngaturaken rasa sukur.
Sejarah
Tradisi Apem Sewu.
Tradisi apem
sewu kawiwitan saking amanah ingkang dipunandharaken dening Ki Ageng Gribig dateng
sedaya warga supados para warga damel 1000 roti apem lajeng dipundum dateng
sedaya masarakat kagem mujudaken raos sukur.
Sesarengan kalihan
mlampahipun jaman, pramila ritual kirab apem sewu menika dipunwiwiti kanthi
kirab budaya warga Solo ingkang ginakaken rasukan adat Solo, kadosta kebaya,
lakon punakawan, lan kostum pasukan keraton.
Bocah-bocah sekolah
ugi tumut dados peserta kirab kanthi nampilaken marching band SD, atraksi Liong
(naga), sarta maneka warni tontonan tarian tradisional lan teater.
1.000 roti apem ingkang sampun dipuntata dados
gunungan menika lajeng dipunarak saking lapangan Kampung Sewu tumuju area sakiwotengenipun
kampung ingkang tebihipun kirang langkung kalih kilometer.
Adicara
kirab dipunlampahi satunggal dinten, ingkang dipunwiwiti kanthi prosesi
maringaken bahan panganan (uba rampe) ingkang pada damel apem saking tokoh
masyarakat Solo dateng sesepuh Kampung Sewu wonten ing Lapangan Kampung Sewu,
Solo. (Ervina/Kidnesia/Kompas.com)
Dening : Dyah Arum Ratri
NIM. 10205244031
0 komentar:
Posting Komentar