Basa
Jawi minangka basaning para leluhur saha sadaya masarakat Jawi sampun kawentar
ing tlatah nuswantara. Saking nagari Majapahit dumugi nagari Mataram, basa Jawi
tansah kaginakaken kanthi sae saha tumemen dening masarakat, saking tiyang sepuh
dumugi kadang mudha, saha para lare ingkang wonten ing tlatah nagari menika.
Basa
Jawi ing rumiyin, asalipun inggih piridan saking aksara dewanagari. Inggih
menika basanipun tiyang Indhia. Basa Jawi miturut cariyos wonten amargi
yasanipun Prabu Ajisaka. Satunggaling tiyang ingkang dados panguwasa Medhang
kamulan sasampunipun ngasoraken Dewata Cengkar, hanenggih retuning bajul pethak
ingkang kawentar asring pandamel awon saha dhahar daging manungsa.
Rikala
samanten Prabu Ajisaka gadhah abdi kalih, inggih menika Dora saha Semboda.
Cekaking cariyos, Dora saha Semboda ingkang derekaken lampahing Prabu Ajisaka
saking wiwitan dumugi pungkasan. Nalika samanten kacariyosaken Dora kalihan
Semboda kadhawuh dening Prabu Ajisaka kapurih mertapa semedi ing papan alas
kang gung liwang-liwung kapurih jagi pusaka saking Prabu ajisaka. Dangu- dangu
abdi kekalih menika mireng bilih Prabu Ajisaka sampun kawentar amargi saged
ngasoraken dewata cengkar. Nemahi kaanan menika, Dora kalihan Semboda lajeng
sami pirembagan kadospundi badhe sowan marang Prabu Ajisaka. Cekaking cariyos,
Dora kalihan Semboda pikantuk kasil pirembagan, bilih Dora nerasaken lampah
jagi pusaka dene Semboda kapurih sowan marang Prabu ajisaka ing kraton.
Sasampunipun sowan, Semboda lajeng kapurih wangsul mapag Dora dening Prabu
Ajisaka kapurih bekta pusaka ingkang sawau dipunbekta semedi dhateng kraton.
Kondur
saking kraton semboda lajeng matur dhateng Dora bilih Prabu Ajisaka ngaturi
dora kapurih sowan dhateng kraton saha kapurih ngaturaken pusaka sawau. Dora
boten kersa maringaken pusaka dhateng Semboda amargi Ing rumiyin sampun sami
janji bilih pusaka boten badhe katuraken kalihan tiyang sanes kajawi sang Prabu
piyambak ingkang badhe ngersakaken pusaka menika.
Mireng
mekaten, Semboda boten narima lajeng wonten ing kaanan menika perang
antawisipun Dora kalihan Semboda perang tandhing. Ing perang menika amargi sami
kiyatipun saha sami digdaya pramila sadayanipun sami seda sampyuh.
Mireng
warta mekaten, pramila Prabu Ajisaka lajeng paring kurmat kangge abdinipun
kekalih, inggih menika Dora kalihan Semboda kanthi damel saperangan aksara
Dentawyanjana. Dentawyanjana inggih menika saperangan urut-urutanipun aksara
Jawa wiwit aksara Ha dumugi aksara Nga. Mekaten urut- urutanipun ingkang dumugi
samenika taksih lestantun:
Ha
Na Ca Ra Ka
Da
Ta Sa Wa La
Pa
Dha Ja Ya Nya
Ma
Ga Ba Tha Nga
Aksara
wonten ing nginggil menika ngemu suraos saha makna simbolik kalihan filosofis bilih
wontenipun aksara Jawa menika dumados saking cariyos Dora kalihan Semboda wonten
ing jamanipun Prabu Ajisaka minangka dados abdinipun sang Prabu. Miturut
cariyos, tegesipun aksara wonten ing nginggil menika, badhe kaandharaken
kadosdene wonten ing ngandhap menika:
Ha Na
Ca Ra Ka
Ka tegesipun Wonten abdi Raja Kalih cacahipun
Da Ta Sa
Wa La tegesipun Abdi sawau nglampahi perang
Pa Dha
Ja Ya Nya
tegesipun Abdi kekalih wau sami digdayanipun
Ma Ga
Ba Tha Nga
tegesipun Abdi kekalih sami mati sampyuh
Mekaten
andharan babagan aksara Jawa utawi Dentawyanjana. Saking aksara-aksara ing
nginggil menika saged dipuntuweni piyambak bilih aksara Jawa menika saestu
gadhah nile estetika utawi kaendahan saha gadhah nile sejarah saha budaya.
Endah
saha luhuring aksara Jawa menika, satemah dumugi ing wanci menika aksara Jawa
taksih dipun-ginakaken kangge sarana komunikasi padintenan tiyang Jawi. Saking
tiyang diwasa dumugi lare-lare ing tlatah Jawi Tengah, Jawi Wetan saha ing
tlatah Ngayogyakarta sadaya ngginakaken basa Jawi. Dados basa Jawi menika
satunggaling basa Ingkang kangge komunikasi saben dinten. Kejawi mekaten, basa
Jawi menika ugi gadhah ragam basa ingkang kathah. Ragam basa Jawi ingkang
asring dipun-ginakaken inggih menika: Bsa Jawi ngoko, Basa Jawi Krama Madya
saha Basa Jawi krama inggil. Pramila saking menika, basa Jawi tansah nglembaka.
Samenika
jaman ingkang sansaya majeng, boten sami kalihan basa Jawi. Wonten ing jaman
ingkang sansaya majeng menika kathah sanget ingkang nyebutaken jaman modern.
Ing jaman modern menika tegesipun alat-alat saha media ingkang wonten ing jaman
majeng menika sampun nglembaka. Wonten malih ingkang mastani bilih jaman
samenika sampun jamanipun globalisasi. Tegesipun antawisipun nagari satunggal
kalihan nagari-nagari sanesipun sampun boten katingal watesanipun.
Duginipun
jaman globalisasi menika, dadosaken basa Jawi sansaya layu. Sansaya dangu,
masarakatipun sami boten kersa ngginakaken basanipun piyambak nanging malah
ngginakaken basa ngamanca ingkang samenika sampun limrah dipun-ginakaken wonten
ing nagari pundi kemawon. Tegesipun, ing wanci menika masarakat Jawi ingkang
rumiyin tansah junjung basanipun piyambak samenika malah nilar basanipun
piyambak, inggih menika basa Jawi. Ing kamangka, basa Jawi menika saestu tansah
gadhah nile estetika utawi kaendahan saha nile sejarah lan budaya ingkang
misuwur.
Pramila
saking kawontenan ingkang mekaten wau, panyerat gadhah pamanggih bilih basa
Jawi menika kedah dipunlebetaken wonten pendhidhikan ing sekolah. Satemah para
kadang anem sami tepang kalihan basanipun piyambak, inggih menika Basa Jawi.
Amargi bilih para kadang anem boten tepang kalihan basa Jawi, pramila basa Jawi
saged ical. Boten cekap dumugi mekaten kemawon, bilih menawi basa Jawi menika
ing samangkih ical, pramila basa Jawi menika namung saged dados sejarah ing
gesangipun putra saha wayah para generasi salajengipun.
Kedahipun
Menteri pendhidhikan minangka sesepuhing ing jagad pendhidhikan tinansah
nglebetaken Basa dhaerah, mliginipun Basa Jawi wonten ing kurikulum
pendhidhikan saking pendhidhikan dhasar (SD), pendhidhikan manengah (SMP),
dumugi Sekolah Inggil ( SMA). Bok menawi sasampunipun basa dhaerah sawau,
mliginipun Basa Jawi sampun lumebet wonten ing kurikulum pendhidhikan saking SD
dumugi SMA, para generasi anem sami kersa nguri-uri kabudayan dhaerahipun
piyambak-piyambak, mliginipun Kabudayan Jawi saha Basa Jawi ingkang tansah
Adiluhung.
Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037
0 komentar:
Posting Komentar