RSS

Manuk Gagak kalihan Kendhi



Fabel ( cerita kewan )


            Ing sawijining mangsa, taksih mangsa kemarau utawi boteen wonten jawah, sakmenika manuk-manuk ewet sanget kangge madosi toya kangge dipunombe, salah satunggaling manuk utawi peksi Gagak manggihaken kendhi ingkang wonten sakedhik toya. Ananging kendhi kala wau inggih punika kendhi ingkang inggil lan alit.
            Amargi kendhinipun kados mekaten, Gagak kala wau ewet sanget anggenipun badhe mundhut toya wonten ing sajroning kendhi kala wau. Manuk Gagak sampun pasrah amargi boten saged-saged ngombe toya saking kendhi punika.
            Lajeng manuk Gagak gadhah pamanggih mundhut krikil lajeng krikil kala wau dipunlebetaken wonten kendhi, dangu-dangu toya wonten ing kendhi lajeng minggah menawi krikil kala wau dipulebetaken wonten ing kendhi. Pungkasanipun toya minggah lajeng manuk Gagak saged ngombe saking toya ingkang wonten ing kendhi.


Dening : Tri Ristiyani
NIM. 10205244026
      

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates