Ing
jaman rumiyin, sadaya kewan menika saged urip sesarengan mliginipun ingkang
nama mamalia. Sadaya kewan sami pados pakan wonten ing alas gedhe kang kebak
suket minangka dados pakananipun. Nalika menika cecongkrahn antawisipun sapi kalihan
kebo kawiwitan.
Ing
jaman riyin, antawisipun kebo kalihan sapi menika satunggaling kewan ingkang
guyb rukun anggen urip. Nanging kedadosan mekaten menika kapunggel kalihan sapi
ingkang blenjani janji. Sapi lan kebo ingkang taksih sedulur dados mungsuh
dumugi samenika. Kedadosan mekaten amargi sapi kesengsem kalihan kulitipun
kebo. Rikala semanten, kebo menika kulitipun pethak, dene sapi menika kulitipun
cemeng. Nanging sapi tega nyidrani kadangipun piyambak.
“
eh kebo, sajak kulitmu kok putih tur alus tenan,” ngono ature si sapi.
“lha
iyo, lha aku margane sregep tagi gasik banjur adus sing resik, ora kaya awakmu.
Saben
dina kok gaweyane mung turu karo manganthok. Kajaba kuwi kulit sing dak duweni
iki minangka hadiyah kang diwenehake marang aku amarga aku sregep sabendinane”
ngono jawabe kebo.
Kajaba
mangsuli pitakonan mau, kebo uga mratelakake lelakone amrih duwe kulit kang
putih tur ya resik. Sing saiki kulit kuwi gawe sapi kesengsem pengin duweni.
“Lha
trus kepiye supaya kulitku bisa resik lan putih kaya kulitmu?”
“ora
liya kowe ya kudu nindake paryan kaya aku, mengko rak awakmu biisa dadi kaya
aku.”
“Yen
mangkono, wiwit sesuk aku ditulungi ya, supaya aku bisa sregep kaya awakmu.”
“Iya,
uwis mesthi mrang sapadha-padha kudu tetulung.”
Wiwit
dina iku, saben esuk mruput, kebo tansah nggugah sapi sing pengin duwe kulit
alus lan putih. Anggone ajak-ajak kebo kui pancen nyata aluse marga kebo duwe
sipat kang alus lan sabar.
“Kancaku,
sapi. Iki uwis wayah esuk, ayo dang tangi banjur melu aku”mangkono ajake si
kebo.
“Iya,
aku uwis tangi. Sedela maneh ya kebo.” Ngono wangsulane si sapi.
Sabubare
kuwi, kewan loro mau padha nindakake pakaryan saben dinan bebarengan tumeka
wayah sore, wayahe kewan-kewan padha turu maneh. Sadina rong dina sapi sing
diajak kebo tangi esul banjur nindkake pakaryan sabendinan gumregah, nanging
hurung genep seminggu anggone ngayahi kekudangane, si sapi uwis ora gelem
menyat maneh. Dheweke malah lali marang apa kang dipengini. Saben esuk digugah
kebo, sapi malah nesu-nesu marang kebo banjur kemulan maneh. Dhasare si kebo
kuwi sabar, diunek-uneke sapi ya mung mengeng wae. Ora males babar pisan. Beda
karo si sapi,dheweke gampang nesu, kesed lan yen duwe panjaluk kudu dituruti.
Pancen pantes yen awake ireng.
Marga
pepenginane si sapi kang pengin duwe kulit putih sarate abot, dheweke banjur
duwe panemu arep tumindak ala marang si kebo. Ing wayah sore sabubare ngayahi
pakaryan saben dinan, si sapi mara aneng omahe kebo. Kebo kang lagi ngaso ing
ngarep omah rada kaget marga ora biyasane si kebo dolan aneng omahe.
“
eeee eee kok janur gunung tenan iki bocah, kadingaren sore-sore kowe dolan
aneng omah. Ana prelu apa sapi?” ngono ature si kebo.
“Iya,
aku sajak ana prelu karo awakmu kebo,” Mangkoo wangsulane sapi.
“Apa
kui? yen aku bisa, aku bakal aweh pambiyantu.”
“Mangkene,
anggonku pengin duwe kulitputih kuwi kok sarate angel temenan ya.Apa ora ana
sarat liya maneh kebo?”
“Yen
sangertiku, sarat sing dak lakoni ya kaya mangkono kui. Ora ana sing liya
maneh.”
Sinambi
ngalamun mikir kepiye olehe bisa jupuk kulite si kebo, sapi delok isining omahe
kebo. Sawuse kuwi, ora let suwe sapi banjur oleh cara supayane bisa jupuk
kulite si kebo.
“Sedulurku,
kebo. Apa aku wengi iki oleh turu aneng omahmu?” Mangkono pitakone si sapi.
“Lah
iyo temtune oleh, kowe rak ya uwis dak anggep sedulur dhewe ta. Malah
kebeneran, wengi iki aku duwe kanca kanggo turu.” Wangsulane kebo.
“Iyo,
matur nuwun tenan ya, kowe pancen sedulur kang apik temenan.”
Ing
wayah wengi, si sapi ora bisa turu babar pisan. Dheweke uwis siap-siap yen kebo
mapan turu banjur nyelehake kulite, sapi banjur jupuk kulit mau digawa mulih
langsung kareb ben ora konangan. Temenan, rikala tengah wengi, kebo uwis turu,
si sapi tangi jupuk kulite si kebo banjur digawa bali. Sawuse tekan omah, kulit
mau banjur dienggo. Amarg awake sapi luwih cilik saka kebo, mula kulit mau rada
gegedhen, nanging sapi pinter. Kulit kang torah mau diglembrehake ana ing
gulune. Mula gulune banjur glembreh-glembreh. Sawuse nganggo, sapi banjur bisa
turu. Pepenginan sing dikarepake saiki uwis bisa kasembadan.
Rikala
esuk tumeka. Kebo gasik uwis tangi. Dhweke banjur menyat arep nggugah si sapi.
Nanging ora dinyana, sapi uwis ora ana ing peturon. Kebo sajak kaget, banjur
omong ing atine. “ wah saiki sapi kok bisa tangi esuk, apa wiwit saiki sapi dak
kon turu ing omahku wae ya.” Sawuse kuwi, kebo arep nusul sapi, bok menawa sapi
lagi ana ing kali saprelu adus. Kebo banjur tata-tata jur jupuk kulite. Kebo kaget
marga kulite kok ora ana.
“
haaaaaaaaaaaaaaaaah, kulitku kok ora ana iki??????”
Kebo
banjur mlayu aneng omahe si sapi bok menawa dheweke ngerti. Tekan ngarep omahe,
kebo banjur thothok-thothok lawange.
“
sapi, sapi, sapi………………..?”
Sinambi
bukak lawang sapi omong, “Ana apa ta, sajak isih esuk kok kaya ana maling wae,
uwis ribut?”
Kebo
kaget kepati-pati, kulite dheweke kienggo karo sapi. Dheweke banjur omong,
“ lha kulit sing dienggo kuwi rak kulitku ta?”
“sapi
mangsuli, “ ora, iki anggonku nemu pas bali saka omahmu”.
“Lha
kok kulitku ora ana ing papane?”
“
ya embuh, aku ora ngerti babar pisan.”
“
kuwi mesthi kulitku, ayo bakekake!”
“Ora,
iki kulitku, dadi ora bakal dak wenehake sapa-sapa!”
“Ayo
balekake!” sentake kebo.
Anggone
sapi mangsuli, “ Emoooooooooh.”
Marga
jawabe sapi mung emoh-emoh wae, wiwit saka kuwi, sapi anggone omong ya mung
emoh- emoh wae. Kuwi marga kebo ngutuk marang sapi.
Sabubare
kuwi mau, kebo banjur lunga ing kali adus. Ingo no dheweke ditemoni dewa kang
menehake kulit putih mau. Kebo banjur disalahake merga menehake kulite marang
wong liya. Mula saka kuwi kebo dikutuk karo dewa kulite dadi ireng. Marga
anggone mangsuli dewa ya mung jawab “ora –ora” wae, mula kebo ya ki kutuk mung
bisa ngucap “ora- ora” kang saiki owah dadi “nguek”.
…Tamat…
Dening
: Nur Rochim
NIM.
10205244037
0 komentar:
Posting Komentar