RSS

Ki Dalang Tono Hadi Sugito







Pak Dalang Tono Hadi Sugito menika putranipun dalang kaloka Hadi Sugito ingkang sampun suwargi amargi gerah. Riwayatipun dalang hadi sugito menika ageng sanget. Anggenipun dalang sampun kaloka ing tlatah Kulon Progo dugi wilayah sanes. Mila boten kaget menawi bakatipun tumurun dateng putranipun pak Tono. Sampun saking alit pak tono asring dipunajak dalang deneng bapakipun lajeng gladhen ugi wonten dalem. Sejatosipun tono alit sampun gadah bakat saking dheweke piyambak kadosta nembang, gamel, lan cariyos. Pisanan anggenipun dalang nalika pak tono kleas 4 SD. Sakmenika pak tono lan keluwarga mapan wonten ing Temon, Kulon Progo. Garwanipun kalih, yanti lan endah. Dene sakmenika sampun gadhah 2 putra kakung sedaya ingkang sampun dipundidik ugi wonten ing pedhalangan. Pramila dereng kaloka sanget kados bapakipun suwargi ananging dalang Tono ugi laris anggenipun dalang. Bedanipun kaliyan bapakipun suwargi, pak tono menika anggenipun dalang gadahi ciri khas banyolan ingkang radi saru, nanging kritis saha ngandharaken sindiran-sindiran dateng bab-bab ingkang enggal kadadosan. Sedaya aspek kadosta politik, agama, sosial, lan sanesipun.


Dening : DYAH ARUM RATRI
NIM. 10205244031

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates