Nalika jamanipun Arya Menak
gesang, pulau Madura taksih langkung subur. Alasipun taksih roban. Sawah-sawah
wantun sami kuning.
Aryo Menak inggih menika
satunggal priya ingkang remen sanget ngumbara dateng tengah alas. Ing sawijining
wulan purnama, nalika dheweke ngaso ing ngandhap wit celakipun waduk, katingal
wonten cahya ingkang padang sanget ing pinggiripun waduk kasebat. Alon-alon
arya nyedhak dateng sumbering cahya kalawau. Arya kaget menapa ingkang
dipunpirsani. Inggih menika pitu bidadari ingkang nembe adus lan geguyonan.
Arya remen sanget kaliyan ayune
bidadari-bidadari menika. Tuwuh kepengenan kagem nggadahi salah satunggal
saking pitu bidadari kasebat. Arya lajeng ndelik-ndelik lajeng nyolong
selendang saking satunggal bidadari kasebat.
Boten dangu, para bidadari
kasebat sampun pungkasan anggenipun adus lajeng badhe salin mundhut rasukanipun
piyambak-piyambak. Sedaya lajeng mabur dateng sorga. Nanging ingkang paling
enom boten saged wangsul amargi bidadari kasebat boten saged mabur tanpa
selendang. Lajeng cuwa lan nangis.
Aryo Menak lajeng nyedhak. Arya ethok-ethok
boten mangertos menapa ingkang kedadean. Dipuntakeni menapa ingkang kedadean
dateng bidadari kasebat. Lajeng piyambakipun mangsuli, “menika sampun
kehendakipun para dewa supados bidadari gesang ing bumi sauntawis. Boten usah
cuwa. Kula janji badhe ngancani lan nyenengake panjenengan.”
Bidadari menika lajeng pitados
kaliyan ngendhikanipun Arya Menak. Piyambakipun lajeng boten nolak nalika Arya
nawani supados nginep wonten dalemipun. Salajengipun Arya Menak nglamar bidadari
kasebat lan dipun tampi dening bidadari kasebat.
Dipuncariyosaken, bilih bidadari
kasebat taksih gadah ilmu gaib. Panjenenganipun saged ngliwet saking sabutir
wos ananging Arya Menak boten pareng ningali.
Ing sawijining dinten, Arya
Menak lajeng penasaran. Beras wonten lumbungipun boten nate telas dene bidadari
ngliwet saben dinten. Nalika garwanipun boten wonten ing dalem, Arya
dimik-dimik dateng pawon lajeng bukak panci ingkang dipunginakaken kaliyan
garwanipun ngliwet. Lelakon menika nyebabaken kakiyatan gaib garwanipun sirna.
Bidadari kaget sanget mangertos menapa
ingkang kedadean. Saking wayah menika, panjenenganipun kedah masak saking
lumbungipun Arya Menak. Langkung
dangu wos menika langkung kirang. Ing sawijining dinten, dasaripun lumbung
sampun katingal. Bidadari menika lajeng kaget saestu nalika mirsani
selendangipun ingkang ical. Nalika mirsani selendang kasebat, tuwuh pingin
badhe wangsul dateng suwarga. Nalika wengi, piyambakipun ginakaken sedaya
rasukan suwarganipun. Badanipun dados enteng, panjenenganipun saged mabur
dateng istananipun.
Arya Menak lajeng cuwa sanget. Amargi
raos pengen ngertosipun, widadari lajeng nilar Arya Menak. Saking wekdal menika
Arya Menak lan putra keturunanipun pantang dahar sekul.
( Dipunsadur saking Ny.
S.D.B. Aman,”Aryo Menak and His Wife,” Folk Tales From Indonesia,
Jakarta: Djambatan, 1976)
sumber: www.seasite.niu.edu
Dening : Dyah Arum Ratri
NIM. 10205244031
0 komentar:
Posting Komentar