Jenengku
Pratiwi, 2 taun kepungkur aku dadi mahasiswa anyar ning salah sijine perguruan
tinggi ning tengah kutha Ngayogyakarta. Amerga aku wong asli mediun, aku golek
kos dikancani karo bapak lan ibukku. Suwene wes 2 jam anggonku munyer-munyer
golek kos, aku ora kepenak karo bapak lan ibuku. Pungkasane, aku manut wae kos
pilihane bapak lan ibuku kuwi. Panggonane pancen resik, ananging sing nduwe ora
bisa ngemong bocah kose.
Setaun
sakuwise kuwi, banjur aku njaluk pindah kos marang bapak ibukku. Nanging bapak
ibuk ora bisa ngeterake terus aku akhire golek kos anyar karo kancaku sak
kos-kosan mbiyen. Aku nemokakae kos-kosan apik, jembar, akeh fasilitase,
nanging regane murah lan aku ngrasa hawane seje ning kos iki. Wah yo wes,
mumpung iki ana kos sing mening, pikirku. Aku karo kancaku cah 5 sesuke mbalik
menyang kos kuwi karo nggowo dhuwit panjer.
Sesuke
aku karo kanca2ku ngusungi barang-barang, resik-resik nganti kesel trus akhire
aku keturon. Aku ngimpi genah baget impenku kuwi. Ning ngimpiki aku dolanan
karo kucing ning sampinge telaga. Kucing kuwi mau nekani aku karo nggowo pita
warna abang, aku sing ora ngerti apa-apa akhire kucing kuwi mau tak jak
dolanan. Ujug-ujug aku ditekani wong wadon gedhe dhuwur, ayu resik, kulite
putih, yeng ngiraku iki mesti udu wong Indonesia, meh kaya wong walanda. Wong
kuwi mesem ning aku, njupuk kucing terus langsung ngalih. Aku mung iso plonga
plongo wae. Nggumun mikir sopo wong wadon kuwi mau. Tekan tengah segara metu
kaya kembang terate gedhe warnane ungu, apik banget, ora let suwe, kuncupe
kembang terate kuwi mau mbukak lan ning tengahe ana wong wadon walanda karo
nggendhong kucing sing tak elus-elus kuwi mau. Aku sansaya bingung, yen mau aku
plonga-plongo, saiki aku dadi keweden. Ora weruh aku arep mlayu menyang ngendi.
Ujug-ujug banyu segarane munggah kaya tsunami. Aku klelep, aku ora iso ambegan,
lan sing luwih parah maneh yaiku aku ora iso renang. Aku glalepan, nanging
irih-irih aku krungu suarane kancaku, Retno, aku mbengok-mbengok njaluk tulung.
“Wi
wi tangia, kowe ki nyangopo??” Retno nggugahi aku.
Aku
langsung tangi nyat. Kringetku teles kebes, ambegank ngos-ngosan awakku adem
panas, jebul neh ku turu suwe, saiki wes magrib.
Sesuke
aku blanja wulanan. Tuku kabeh piranti-piranti sing tak butuhake kanggo sesasi.
Lenga wangi sing tak tuku tak kek ne nduwur rak campur karo wedak. Wengine
lenga wangi kuwi tak nggo sepisan. Pas aku isuk-isuk aku arep mangkat kuliah,
aku arep nganggo lenga wangi, jebul kuwi wis ora ana isine. Aku nggumun
setengah mati. Pikirku nek lenga wangini bocor mesti ana ambune, nanging iki
ora ana. Yo wes ora apa-apa, iki tak maklumi.
Sorene
aku bali kuliah kewengen kebetheng udan ning kampus lan aku ora nggowo payung.
Tekan kos aku tumuju ning njedhing, ganti klambi tur adus. Rumangsaku aku dijak
ngomong Retno. Retno yo nyauri omonganku, sakwetara iku aku omong-omongan karo
Retno. Nanging pas aku metu tak inguk jedhing ning andhingku kuwi mau kosong,
ora ana wonge. Tak delok Retno yo malah turu ning kasure. Sakjoke kuwi aku
malih dadi keweden. Tak pikir-pikir iki opo ana hubungane karo ngimpiku sing
kae. Trus kenapa kok aku terus sing ditekani. Ana apa iki kowe sapa.
Jam
1 bengi tak wani wanine aku metu kamar, aku mlaku ning teras ngarep jedhing.
Sumilire angin nggawa ganda wangi ambune kembang sedap malam. Emboh aku ngimpi
opo ora, sing jelas iki ora mokal. Aku ditekani maneh karo wong wadon sing ana
ning ngimpiku kae. Dheweke ngomong nganggo Basa Walanda. Nanging sing tak
gumuni aku ngerti artine sing intine, wonge ora ana pepinginan ngganggu uripku,
nanging jarene sifat-sifatku persis karo adhine. Mung pengen kekancanan karo
aku, ora nduweni niat jahat, lan ora arep ngganggu. Saya suwe wong wadon kuwi
saya adoh adoh adoh trus ilang. Awakku anyep njejet, lemes.
Tekan
kadadean kuwi aku ngerti opo sebabe aku nganti diimpeni. Aku matur nuwun wes
dikancani yen aku ana ning kos. Saiki wes ora ana sing tak wedeni sakliyani
Gusti Alloh, Gusti Kang Maha Mirah.
Dening : Surya Ayu Septyanti
NIM. 10205244040
0 komentar:
Posting Komentar