RSS

BURISRAWA STRES





   Paraga wayang wong ing sisih kiwa punika salah satunggaling anggota Kelompok Wayang Wong Tresno Budoyo pimpinanipun Yati Pesek, wonten ing pagelaran wayang wong Burisrawa Stres kula manggihaken tiyang ingkang dados paraga Werkudara, piyambakipun estri, piyambakipun ngendika menawi remen sanget saged dados paraga Werkudara ingkang gagah prakoso lan saged maragakaken kanthi sae sanget dene sajatosipun piyambakipun tiyang estri. Piyambakipun nambahaken menawi pagelaran wayang punika ingkang dados paragawayang wong sedayanipun tiyang estri kadosta Yati Pesek ingkang dados Prabu Kresna saha tokoh sanesipun ingkang ndherek nyengkuyung pagelaran Wayang Wong punika.
            Pagelaran Wayang Wong Burisrawa Stres ngewrat babagan kesetaraan gender amargi sedaya ingkang dados paraga wayang wong inggih punika tiyang estri sedaya ingkang cacahipun 35 tiyang estri, ananging sedayanipun saged dados paraga dados ksatriya kadosta dados Werkudara, Prabu Kresna, Antasena ingkang gagah prakosa.
            Pagelaran Wayang Wong Burisrawa Stres gadhah tema bab katresnan saha tuhu ing janji marang garwanipun. Dewi Wara Sembadra tetep njagi kasucen dhiri saking godha Burisrawa. Watak ingkang saged dipuntuladhani babagan setya tuhu katresnan saha njagi kehormatan dados wanodya.

Dening : Tri Ristiyani 
NIM. 10205244026

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates