Ing sawijining dinten, wonten kancil
dolan wonten ing sabinipun Pak Tani ing pinggir lepen. Sabinipun Pak Tani
menika dipuntanduri werni-werni jinising tanduran. Salah satunggalipun inggih
menika tanduran timun. Pak Tani anggenipun garap sabin menika kanthi tumemen.
Saben dinten enjing lan sonten dipun-sirami supados tanduranipun saged
ngasilaken woh ingkang ageng-ageng tur sae. Boten kesupe tanduran menika ugi
dipunsukani pupuk.
Rikala
semanten sampun wayahipun panen timun, sampun dangu Pak Tani ngentosi
tanduranipun kasil. Enjing-enjing sanget Pak Tani bungah lan remen sanget
amargi dinten menika badhe ngundhuh tetanduran ingkang sampun dipun-antu-antu.
Nanging sakduginipun Pak Tani wonten ing sabin, kaget sanget amargi who timun
ingkang badhe dipun-undhuh menika sampun telas. Mila Pak Tani kondur wonten
dalemipun, lajeng cariyos kalihan garwanipun.
Tigang
dinten saklajengipun Pak Tani badhe ngundhuh timun mlih amargi sampun sami woh.
Ananging Pak Tani kaget menawi timunipun sampun boten wonten malih. Kondur
malih wonten dalem kanthi raos kuciwa amargi boten saged panen kados menapa
ingkang dipunkarepaken. Amargi sampun kaping pindho tanduran timun menika ical
boten wonten bekasipun, banjur Pak Tani gadhah pamikiran menawi dhateng sabin
kangge nginjeng sinten ingkang mendhet timunipun Pak Tani. Nanging wiwit enjing
dumugi sonten anggenipun Pak Tani nginjeng, boten wonten tandha-tandha tiyang
ingkang badhe nyolong.
Dinten
ngenjingipun Pak Tani damel tiyang-tiyangan sabin ingkang mirip sanget kalihan
Pak Tani. Tiyang-tiyangan sabin menika dipunsukani ageman, celana lan tudhung
satemah mirip sanget kados tiyang. Wonten ing tiyang-tiyangan sabin menika Pak
Tani ugi nyukani pulut nangka supados sinten kemawon ingkang nyepeng boten saged
ucul. Dinten menika Pak Tani sengaja boten tindak sabin, amargi wedinipun tiyng
ingkang nyolong sampun ngertos menawi saged dipun-injengi. Benjing sontenipun
Pak Tani menyang dhateng sabin. Lha kok wonten kancil ingkang tumemplek wonten
ing tiyang-tiyangan sawah menika. Jebulane kancil wau badhe nyuwun timun
dhateng tiyang-tiyangan sabin ingkang dipunkinten Pak Tani. Satunggal satunggal
astanipun kancil tumemplek amargi nyeluk Pak Tani ingkang boten paring
wangsulan lan ugi boten saged ucul saking awakipun tiyang-tiyangan sabin
ingkang sampun dipunsukani pulut menika. Sakmenika Pak Tani dados ngertos
menawi ingkang nyolong timunipun inggih menika kancil.
Lajeng
kancil wau dipunbekta kondur dening Pak Tani lan dipunlebokaken wonten ing
kurungan ayam ing dalemipun. Boten kok dipunsiksa dening Pak Tani, malahan
kancil menika dipunparingi maeman saben dinten. Lami-lami Pak Tani milai remen
kalihan kancil menika, ananging boten tega yen kancil menika wonten ing
dalemipun Pak Tani. Lajeng Pak Tani nguculaken kancil menika kanthi sarat boten
angsal mendhet tanduranipun tiyang ingkang sanes gadhahipun piyambak.
Dening : Laeli Nur H.
NIM. 10205244043
0 komentar:
Posting Komentar