RSS

Aku Kudu Leladi Sakabehe




          Wanita ayu Tionghoa ingkang ngaku yuswanipun 38 taun lan mapan wonten ing wilayah Magelang menika gadah pakaryan minangka sekretaris pribadi salah satunggaling bos kondhang. Sadangunipun dados sekretaris pribadi, Yuni lan bosse gadah sesambungan peteng ingkang boten dipunmangertosi dening garwanipun Bos menapa dene garwanipun Yuni piyambak. Bos kaloka kalawau namanipun Gunawan, gadah pabrik wonten ing jaban jawa saben kutha wonten, dealer mobil wonten ing jakarta mawon boten kaetung kathah e, cekak aose Gunawan tiyang ingkang kasinungan bandha donya boten telas dipundahar pitung turunan.
          Ananging miturut Yuni bandha menika dereng mesthi saged damel remen lan tentrem, tiyang gesang menika namung sawang sinawang. Sajatosipun sampun boten wonten kirangipun ingkang babagan kadonyan, menapa ingkang dipunpingini dening Yuni sampun mesthi saged kelakon menapa kedurutan. Menapa malih Gunawan si Bos menika tresna sanget kaliyan Yuni. Menapa ingkang dipunucap dening Yuni sampun mesthi dipunturuti. Jalaranipun Yuni saged ngladeni menapa ingkang dipunkajengaken dening bos Gunawan. Semana ugi Yuni boten saged nolak menapa kemawon ingkang dipunkajengaken dening Bosipun. “Aku kepengin banget urip limrah kaya wanita liyane, makarya sanadyan saka jam 8 bali jam papat. Ora kaya saiki kang taklakoni, aku teka lan bali omah ora mesthi. Kadhang kala kudu ngancani Boa neng jaban kutha, utawa ning negara manca. Diukur bandha aku wis turah, nanging diukur rasa tak kira aku wanita sing paling sengsara,” Yuni nggresula wonten penggalihipun.Yuni ngraosaken bilih lelakon ingkang sampun dipunlakoni kaliyan Gunawan sampun tebih saking bebener, menawi anggenipun derek Gunawan dugi jaban kutha ngantos tigang dintan, Yuni kedah ngladosi sedayanipun, saking kabetahan lair dugi batos. Yuni kandha marang awakipun piyambak “Aku ora bisa nduwa karepe Gunawan ya Bosku, jalaran sasuwene iki Gunawan pancen wis nyukupi kabeh kabutuhan uripku, kalebu kabutuhan keluwargaku, aku mung bisa manut lan pasrah apa kang dikarepke. Kepara sedian sewengi Bosku mung ngajak ana kamar supaya aku bisa ngladeni sakabehe kanthi wutuh tanpa keganggu sapa wae.” Yuni piyambak boten mangertos dugi kapan kahanan kados mekaten bibar. Menawi saged ngaku, Yuni sampun boten betah amargi sampun kuwalat marang garwa lan putra-putranipun. Ananging Yuni ugi boten gadhah pilihan. Ngengingi gesang ing jaman sakmenika kedah suku dados mustaka, mustaka dados suku. Mapinten-pinten wanita ingkang kepengin dados Yuni, wanita karir ingkang mapan lan saged nyekapi kabetahan keluwarganipun. Ananging Yuni namung saged dedongan marang Gusti supados dipunparingi dalan padang.


Dening : Dyah Arum Ratri
NIM. 10205244031

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates