Wektu
kui, wayahe surya uwis lengser ngulon sathithik. Sumarni lagi wae bali saka
alas saprelu golek kayu. Ngaso aneng lincak ngarep omah, inis. Kayu kang digwa
saka alas mau pancen rada abot, merga kayu- kayu mau kudanan. Mula ora mokal
yen marni rada kabotan. Malah kepara nggos-nggosan. Adohe omah karo alas gedhe
uga dadi sebab anggone marni krenggosan. Rasa ngelak kang jalari ing awak dilangi
nganggo banyu putih kang diwadhahi ing botol, turahane sangu golek kayu. Botol
dibukak banjur banyu putih mau kaombe telung clegukan. Rasa ngelak kang ana ing
awak ilang. Gari kringet kang isih pating dlewerlan netes ing klambi saka
praupane, diusap nganggo jarit kang isih sumampir ing pundhake sawuse nyelehake
kayu.
Ing
papan liya, sukarman, bojone marni uga adus kringet ora karuan. Dheweke ngayahi
jejibahan dadi laden bangunan, abot pakaryane. Nanging Karman ora tau
sambat-sinambat. Dheweke teguh lan narima yen urip uwi pncen uwis jinatah
dening Gusti Kang Maha Kawasa. Tansah mobat-mabit, ngalor-ngidul nggawani
adonan semen lan pasir kang dibutuhake karo tukang, Karman kang mung nganggo
aling-aling topi kanggo nyingkep panase srengenge kang ngobong kulit, mung bisa
ngelus dhadha. Dheweke rumangsa hurung bisa gawe anak lan bojone seneng.
Sarehna wus enem taun anggone bebrayan karo Sumarni lan uwis duwe mmongan siji,
lanang, Eko jenenge.
Sayah
ing awak, ditambah pikirane sing lagi panas, gawe awake Karman awan kui sajak
kurang sumringah. Nalika kuwi wektu kanggo labuh. Dheweke tansah kelingan karo
ature Marni wingi sore. Sajak merga wewengkon kuwi dheweke kurang gumreget
anggone nyambut gawe. Nanging ora luput yen Karman tansah sumelang, ature
bojone wingi, “ mas, kanggo bantu mas Karman golek butuh, aku dak dadi PRT ing
kutha Jakarta ya, melu mbak Janah.”
Mbak
Janah, tangga desa sukarman kang biyen dadi kancane sisihane. Dheweke pancen
saiki wis urip kecukupan marga olehe nyambut gawe ing kutha Jakarta dadi PRT sa
bojone. Saiki mba Jnah uwis bisa buka took klonthong ing dalan nuju ing
kecamatan. Minangka nunnggu took, bojone bali, dene MBa Janah tetep dadi PRT
ing Jakarta.
Sabubare
wektu nyambut gawe rampung, Sukarman banjur bali nuju omah. Tekan omah, dheweke
sajak krasa beda. Uwis wayah jam lima sore nanging Marni lan Eko kok ra ana ing
omah. Dheweke duwe panemu yen anak-bojone lagi ana ing daleme simboke kng mung
beda RT. Pancen temenan, Eko ana ing kono.
“Sugeng
sonten bu,” ature Karman.
“Iya,
sore ngger,” Wangsulane ibune.
“Lha
Marni teng pundi bu, kok boten ketingal?”
“Lho,
apa hurung matur? Dheweke rak melu Janah ta, menyang Jakarta sore iki.”
Karman
kaged setengah mati. Ora dinyono, sisihane tego ninggalke anak-bojone menyang
Jakarta.
“Ngger,
iki ana titipan layang saka Marni” ature ibune.
“inggih
bu, matur nuwun.”
Sawuse
maca layangsaka Marni kang dititipake ibune, dheweke mrebes mili. Nanging
dheweke wong lanang, kudu kuat lan bisa ngadhepi cobaning GUsti.
Genep
enem sasi suwene Marni ninggalake Karman lan anake, tinanpa kabar apa-apa.
Susahe karman karanta-ranta, nanging dheweke duwe pangajap yen Gusti ora bakal
menehi coba kang ngluwihi saka kemampuan kawulane. Nalika kuwi dina minggu, Eko
awake adhem panas. Wus digawa nang puskesmas ora mari-mari, banjur Eko digawa
ing Rumah Sakit. Ing kono nembe ngerti yen Eko kena malaria. Marga ora kuat,
rongdin salebare Eko kapundhut dening Gusti. Sukarman mung bisa saderma
nglakoni takdire Gusti Kang Maha Kawasa kang mengku jagad lan isine.
Sarehna
Marni ora bali-bali padhahal uwis dikabari liwat bojone mbak Janah, Marna
banjur pengen nemoni Marni. Karman banjur nyuwun alamat kerjane Mbak Janah
marang bojone. Dina kuwi uga dheweke menyang Jakarta. Tekan papane mba Janah
Dheweke jaluk alamat papane kerja Marni.
Tekan
ing ngarep omah kang rada gedhe, marna dhadhag pager gerbang. Wektu kuwi ana satpam
kang jaga.
“Mau
cari siapa ya, Mas?” pitakone pak satpam.
“
Pak satpam, saya mau cari istri saya. Dia kerja di sini, namanya Sumarni,”
wangsulane Sukarman.
“Wadhuh
mas, setau saya disini tidak ada PRT yang namanya Sumarni.”
“coba
dicek lagi pak, tapi ini betul kan pak satpam alamat rumah ini sama dengan yang
di kertas ini?” pitakone sukarman sinambi ngulungake catetan alamat.
“Iya,
betul. Tapi kalau PRT yang mas maksud
tidak ada di rumah ini.”
“Kalau
dengan foto ini, apa bapak satpam kenal?” SUkarman taken malih sinambi
maringake foto sing digawa saka omah.
“Kalau
foto ini saya kenal mas, dia istri dari majikan saya, tapi namanya Bu Indah,
bukan Sumarni,” wangsulane pak satpam.
Krungu
wangsulan kaya mangkono iku Atine Sukarman tansah keranta-ranta lan kaget ora
karuan. Wektu kuwi uga Marni metu saka omah lan marani satpame sing lagi
guneman karo uwong ing jaba gerbang.
“satpam,
ada apa yak ok berisik?” Tanya bu Indah.
“Ini
bu, ada orang yang mencari istrinya yang katanya kerja di rumah ini,”
wangsulane pak satpam.
Bu
Indah banjur maju delok uwong kang golek bojone ing omahe, arep ngandhakake yen
nang omah kuwi ora ana sing digolek uwong mau. Nanging dheweke kget setengah
mati yen uwong sing ana ing jaba gerbang mau Sukarman, bojone ing desa.
Sukarman
uga kaget, nanging, sawuse bisa nguwasani awake lan pikirane, dheweke banjur
matur marang Sumarni sing nang kono jejuluk Bu Indah. “BU Indah, maaf saya
telah mengganggu anda. Saya kira sya yang salah mencatat alamat tempat istri saya
bekerja. Sebenarnya saya hanya mau mengabarkan kalau anak kami meninggal
beberapa hari yang lalu dan ibunya sudah pergi selama enam bulan lebih tapi
tidk pernah member kabar.”
Sawuse
nyuwun pamit, Sukarman pamit bali menyang Jawa maneh. Lakune tansah sempoyongan
kaya wus ora due semangat urip maneh. Sinambi mlaku lunga, luh kang wus kebak
ing netra ora kuwawa babar tumetes ing lemah. Ilang kayadene janji kang
diucapake bebarengan karo bojone biyen nalika bangun balewisma bakal setya
tumekan mati. Nanging jebul bojone blenjani janji.
Dening
: Nur Rochim
NIM. 10205244037
0 komentar:
Posting Komentar