RSS

NAMA AJIBARANG



Cariyos kedadosanipun nama Ajibarang inggih menika saking sedanipun Raden Mas Rangsang ingkang gadhah gelar Panembahan Senopati Ing Alaga Ngabdurrahman utawi Sultan Agung Hanyakrakusuma ing taun 1645, sampun 6 taun sasampunipun kasil anggenipun ngrebut Blambangan taun 1939. Sultan Agung sampun kasil anggegayuh daerah wonten ing Pulau Jawa lan Madura (kajawi Banten lan Batavia) saha Palembang, Jambi lan Banjarmasin. Sedanipun Sultan Agung dadosaken Pangeran Arum, putranipun Sultan Agung minangka pemimpin Mataram kanthi gelar Sunan Amangkurat I.
Awit Sunan Amangkurat mimpin wilayah Mataram saya sempit amargi tiyang Landa menika meksa masarakat lan amargi masarakt ingkang gadhah raos bingung, wedi amargi tambah wiyaripun wilayah Mataram sakderengipun sedanipun Sultan Agung. Kathah pambrontakan dhateng kuasanipun Raja, antawisipun saking putra wayahipun Sunan Tembayat, putra wayahipun Kadilangu, Wangsa Kajora, putra wayahipun Panembahan Rama lan Panembahan Giri.
Amargi kathahipun pambrontakan menika dadosaken panggenanipun Sunan Amangkurat I dados boten aman amargi kadosipun wonten gegayutan gotong royong kalihan VOC inggih menika organisasi monopoli perdagangan gadhahipun Landa wonten ing Batavia. Satemah Sunan Amangkurat I gadhah rencana kangge nylametaken diri lan pados pambiyantu dhateng Guberrnur Jenderal De Cock.
            Alur perjalanan Sunan Amangkurat I dipunkancani dening para prajurit keraton lan mendhet rute Kedu-Banyumas-Tegal ingkang badhe singgah wonten ing Kabupaten Cirebon. Sakduginipun ing satunggal daerah sakilenipun Banyumas, bekal rombongan Sunan Amangkurat I menika telas. Raos sisahipun tinambah rikala Sunan Amangkurat I ngertos menawi puluhan prajuritipun seda amargi jarak lan kahanan margi ingkang dipunlampahi menika sisah lan tebih sanget.
Wonten ing daerah menika, abdi setya Sunan Amangkurat I ingkang nama Kyai Pancurawis ugi minangka sais kreta kencananipun Gusti Sunan kedah nyade barang-barang ingkang taksih wonten kangge dipuntuker kalihan bahan-bahan dhaharan pokok kangge bekal perjalanan ingkang taksih tebih. Usada Kyai Pancurawis lan para punggawanipun nemu kasil. Barang-barang ingkang gadhah regi awis lan mirah menika sedaya saged dipunsade lan dipuntuker sedaya satemah saged dipun-ginakaken kangge bekal mlampah. Sunan Amangkurat I remen sanget mirsani usada-usada abdinipun saged kasil. Minangka wujud raos syukur, Sunan Amangkurat I paring nama kangge daerah menika kalihan sebutan AJIBARANG, ingkang gadhah teges barang menapa kemawon ingkang dipunsade wonten ing daerah menika wonten ajinipun utawi wonten reginipun. 


Dening : Laeli Nur H.
NIM. 10205244043

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates