Rong taun kapungkur aku
mlebu ing salah sijine universitas negeri ing kutha Ngayogyakarta Hadiningrat. Pendidikan
Basa Jawa yakui jurusan sing tak pilih aku kanggo nambah pengalaman lan supaya
tambah ngerti budaya-budaya Jawa sing akeh banget. Wiwit esih nang SMA, aku
pancen wis pengin banget ngangsu kawruh ing kutha Yogyakarta. Ya mbuh kepiya
aku bisa nganti impen-impenen kuliah nang Jogja. Jarene wong-wong ing daerahku,
Yogyakarta kuwi kutha pelajar. Diarani kutha pelajar ya merga akeh banget
sekolah-sekolah ing kutha kuwi, mulai saka sekolah SD tekan
universitas-universitas negeri utawa swasta kaya duwit recehan. Saben panggonan
mesthi ana wae sekolahan sing madeg.
Dina iki genep nematus
sewidak nenem dina aku kuliah ing kutha Jogja iki. Sakwise preian dawa, dina
iki mulai maneh pawiyatan perkuliahan ing kampusku. Rasane isih males, isih
pengin dolan-dolan. Ning ya wis dadi kewajibanku kangge kuliah, dadi males ora
males ya kudu tetep mangkat. Yen lagi males kaya ngene biasane aku kelingan
Bapak Ibuku ing kampung sing wis mragadi aku tekan yah mene. Angel anggene
Bapak lan Ibu golek dhuwit kanggo bayar kuliahku, masa aku mung arep
males-malesan ing kos. Bapak Ibu mesthi duwe pengarep-arep karo aku supaya aku
kuliah sing bener supaya sesuk ngemben dadi guru sing apik. Mula aku kudu tetep
semangat anggene kuliah. Aku kudu nglakoni amanah sing wis diparingi Bapak
Ibuku.
Oya lali, jenengku Dwi
Ratna Prameswari, kanca-kancaku luwih remen nyeluk aku Nana. Asalku saka kutha
Purwokerto, kutha cilik ing Kabupaten Banyumas. Esuk iki kira-kira jam 4 aku
tangi merga kaget krungu alarm hpku sing muni seru banget. Aku tangi sinambi
beberes kamarku sing wis ora karu-karun kahanane. Bibar beresi kamar aku njur
adus lan solat. Jam 06.50 aku siap-siap arep mngkat nang kampus. Saktekane ing
kelas, kanca-kncaku wis padha teka dadi rame banget nganti krungu tekan ngarep
ruang jurusan. Ndilalah kelasku cedhak karo ruang jurusan. Ora let suwi dosenku
rawuh karo bocah lanang sing mlaku ing mburine. Aku nembe tau weruh bocah kuwi.
“Sugeng enjing…”
ngendikane Pak Hartono dosenku.
“Sugeng enjing Pak
Hartono..” wangsulane bocah-bocah.
“Dina iki, kelase dhewe
ketekan kanca anyar saka Surabaya” Pak Hartono ngendika.
“Cah Bagus, kenalna
awakmu marang kanca-kancamu supaya padha kenal”
“Inggih Pak…kanca-kanca
ndherek nepangaken, nama kula Bagas Arya Prabawa, kula saking Surabaya.” Celathune
Bagas, mahasiswa anyar ing kelasku.
“Sugeng rawuh wonten ing kelas G, kelas sing
nyenengake bocah-bocahe.” Celathune Hegar kancaku.
Wiwit mlebune Bagas ing
kelasku tekan seprene wis ana sesasi, ning kok ya aku durung tau keprungu maneh
swarane. Apa panci bocahe sing menengan apa ya dheweke lagi ana masalah? Aku ra
ngerti. Ing kelas ya ora ana sing ngerti omahe Bagas, apa maneh cedhak karo
Bagas. Dheweke ya jarang kumpul-kumpul karo kanca-kanca. Aku njajal takon kanca
sakiwa tengenku, mbok menawa ana sing wis kenal karo Bagas sakdurunge. Saben wong
sing tak takoni ora ana sing ngerti, ning aku ora bakal nyerah tekan sakmene
wae. Aku terus takon maring kanca-kancaku liyane, lan syukur banget aku nemu wong
sing ngerti omahe Bagas.
Wis seminggu iki Bagas
ora mlebu kuliah. Ora ana sing ngerti apa sebabe. Bali kuliah, aku duwe niat
arep mampir disik nang omahe Bagas.
“Na, kowe sida arep
niliki Bagas?” Pitakone Rita kanca cedhakku.
“Iya ta, meh melu apa? Yuh
bareng karo aku wae.” Wangsulanku
“Iya yuh mangkat, aku
mbonceng ya..”
Nang dalan pikiranku
terus wae muter, akeh pitakonan sing arep tak takonke marang Bagas mengko sak
tekane aku nang omahe Bagas.
Tekan ngarep omahe
Bagas, aku karo Rita mencet bel lawang sing ana ing sisih kiwa pager keliling. Suwi
banget ora ana tandha-tandha wong ing omah kuwi. Barang aku lan Rita arep
balik, ana wong wedok sing mbukak lawang pager njuk taon karo aku.
“Pados sinten inggih
dhik?” pitakone Ibu-ibu kuwi.
“Bagas wonten Bu? Kula Nana
kalihan Rita, kancanipun Bagas.” Wangsulanku.
“Bagas? Bagas sinten
dhik? Wonten mriki boten wonten ingkang nama Bagas.”
Aku lan Rita Kaget
banget. Iki bener ta omahe Bagas. Alamat sing dikei kancaku bener alamat omah iki,
tapi kok jarene Ibu-Ibu mau nang omah iki ora ana sing jenenge Bagas. Aku bingung
arep kepiye maneh anggone goleki Bagas. Aku nyoba telepon maring nomer hpne
tapi ora ana sing ngangkat. Nang endi si Bagas iki? Pitakonan kuwi muter-muter
trus ing sirahku.
Aku nyoba trus ngubungi
nomer kuwi, pisan, pindho, ping telu……….tekan ping 20, ning tetep wae ora ana
jawaban. Aku nyoba pisan maneh. Eh akhire ana sing jawab telponku.
“Halo, Assalamu’alaikum..”
Swara wong wedok ing telpon.
“Wa’alaikumsalam”
“Menapa leres menika
nomeripun Bagas?” Pitakonku
“Inggih leres, menika
sinten inggih?” wangsulane wong wedok mau.
“Menika Nana Bu, kanca
kuliahipun Bagas. Menapa Bagasipun wonten?”
“Bagas………………………”
Ora emut yen anggone
telpon wis suwi banget. Wong wedok mau kae Ibune Bagas. Aku mau dikon menyang
omahe Bagas sing anyar, aku ora ngerti apa sing wis kedadean karo Bagas. Aku banjur
ngajak Rita menyang omahe Bagas, ndilalah omahe ora adoh saka omahe Nana.
Saktekane nang omahe
Bagas, aku ora weruh rupane Bagas, mung na Ibune Bagas. Barang wis ngalor
ngidul anggone crita, tak wanekake aku takon babagan Bagas sing ora tau katon
ing kampus. Ibune Bagas ora langsung crita ning malahan nangis. Aku ora ngerti
apa sebabe. Ora let suwi banjur Ibune Bagas crita yen Bagas wis ora ana telung
dina kapungkur. Sebabe rikala bali kuliah wolungdina kapungkur, Bagas tabrakan
motor sing tok tumpaki ing ring roud. Awake kelindhes trek gandheng sing
ndilalah lagi liwat ing sisih kiwane Bagas. Kabeh cara wis dilakoni dening wong
tuane Bagas ning Gusti Allah wis duwe rencana liyane sing luwih apik kanggo
Bagas. Mula telungdina kapungkur nyawane Bagas dipundhut maneh dening sing
duwe. Innalilahi wainnailaihi raji’un. Ora sadar luhku wis netes ing pipiku. Luh
rasa nelangsa wis kelangan Bagas kancaku lan luh rasa nyeselku kenapa ora awit
biyen aku goleki Bagas. Yen wiwit biyen aku goleki Bagas, ora mungkin kabeh iki
kedadean marang Bagas. Aku nyuwun ngapura ya Gas, aku urung bisa dadi kanca
apikmu.
Dening : Laeli
Nur Hidayatunnikmah
NIM. 10205244043
0 komentar:
Posting Komentar