Nalika iku, Aku kelas 6 SD, arep
daftaran mlebu SMP, Kangmasku iya arep daftaran mlebu SMA. Bengi sawise maghrib,
Aku lan kanca-kancaku ngumpul ana ing cedhak masjid padha sinau, amarga sesuk
ana tes mlebu SMP 2 Wonosobo.
Tika,
“ Aku ora mantep daftar nang SMP 2 “.
Riska
mangsuli, “ halah mantepke bae ora usah wedi”.
Dumadakan, dalan ing pinggir masjid
dadi rame banget, wong-wong padha panik, padha nganggo motor tumuju wetan,
wong-wong padha panik lan madhep dhuwur, langit wis abang banget, pranyata
Pasar Induk Wonosobo kobongan. Aku lan kancaku kaget banget lan langsung mlayu
nang omahku. Awakku lemes lan deg-degan ora karuan amarga Ibuku duwe kios nang
Pasar Induk Wonosobo. Tekan omah Aku langsung ngabari wong omah.
“Mak,
Pak, pasar kobongan !!!!”.
Bapak lan Ibuku langsung tindak
pasar kanggo golek-golek barang dagangan sing isih bisa digawa bali. Aku lan
Kangmasku arep melu menyang pasar nanging ora entuk Bapak Ibuku. Aku nangis,
Kangmasku iya melu nangis.
“Piye
mas, mesakake Ibu lan Bapak”.
Kangmasku
mangsuli” iya mesakake, butuhan lagi akeh ngene, nanging piye maneh, iki wis
kedaden, dhewe kudu nglakoni, ora mung kluargane dhewe nanging kluarga liyane
sek uga bakul-bakul kang dodolan nang Pasar Induk”.
Nganti tengah wengi Aku lan
Kangmasku ora bisa turu, karo ngenteni Bapak Ibuku kondur saka Pasar..
Pikiranku wis ra genah-genah.
“
Piye mak ?Aku langsung takon Ibuku
“
Alhamdulilah, ana barang sek isih bisa metu”. Ibuku mangsuli
Pikiranku
ora genah-genah bayangke piye urip kluargaku sakwise kadadean iki, padahal Aku
lan Kangmasku arep mlebu sekolah sing butuhake biaya kang akeh. Aku rembugan
karo Kangmasku.
“
Piye mas, dhewe ora usah sekolah bae pa..? dhewe kerja bae ben bisa
rewang-rewang Bapak Ibu “.
Kangmasku
mangsuli “ Aku gelem banget kerja, nanging Bapak Ibi mesti ora ngijinke, Bapak
Ibu pingin dhewe sekolah sek pinter “.
Sawengi Aku ora bisa turu, mikir
warna-warna, piye uripku lan kluargaku. Aku wis ora mikir sinau kanggo tes
mlebu SMP 2 Wonosobo, akhire aku solat, donga nganti nangis muga-muga Gusti
Allah paring gampang uripku lan kluargaku. Gusti Allah ngijabahi dongaku. Aku
lan Kangmasku ketampa nang SMP 2 Wonosobo lan Kangmasku ketampa nang SMA 2
Wonosobo.
Aku
lan Kangmasku langsung rembugan karo Bapak Ibuku
“
Mak, Pak, Aku lan Mas ketampa sekolahe, nanging kahanane ora pas, nembe bae
pasar kobong, mesti dhuwite iya arep kanggo kulakan barang dagangan ta.., apa
Aku lan Mas ora usah sekolah bae ya, tak kerja bae..
Ibuku
ngendika, “ Hus, ra kena kaya ngono, pokoke kudu sekolah, wis cah loro ora usah
mikir sek werna-werna, mikir sekolah bae sek pinter, sek bener ben dadi wong
sukses”.
Bapak
iya nambahi, “iya, padha sekolah bae sek bener, ora usah mikir abot-abot, ben
wong tuwa bae sek mikir masalah ragad”.
Keluargaku
bener-bener mulai saka ngisor maneh kanggo urip nganti dadi cukup kaya saiki,
ska kadadean kuwi Aku janji karo awakku dhewe ora bakal gawe wong tuwa kuciwa,
kudu bisa dadi anak sing bisa gawe bombong wong tuwa.
Dening : Tri Ristiyani
NIM. 10205244026
0 komentar:
Posting Komentar