Kathah ingkang sami salah pangertosan dumateng wohing alpukat. Nginten menawi woh menika saget dadosaken badhan lema soho mboten cocok dipun konsumsi utaminipun tumrap ingkang nembe diet. Wohing alpukat panci gadhah kandungan lemak 20 langkung ageng tinimbang jinising woh-woh an sanesipun. Ananging mboten purun woh alpokat menika lepat sanget. Amargi lemak ingkang wonten sajroning woh alpokat mboten nyebabaken badan dados ageng. Lemak woh alpokat kalebet lemak asam tak jenuh. Inggih menika salah satunggaling komponen lemak ingkang saget ngandapaken kadar kolesterol. Woh alpokat ugi ngandut senyawa ingkang ningkataken kekebalan badan soho nyegah infeksi AIDS.
Peran
alpokat anggenipun njagi kolesterol rah supados mboten teroksidasi soho dados
racun tumrab badan, mboten namung saking kandutan asam tak jenuh mawon nanging
ugi bebarengan kalian Glutation (salah satunggaling zat ingkang kathah tinemu
sajroning woh alpokat). Sajatosipun zat Glutation menika mboten namung tinemu
wonten ing panganan ananging ugi saget di produksi deneng sel-sel badan,
minongka penawar racun kangge “mengurai” soho mbucal racun ingkang mbebayani
badan. Glutation gadhah sifat anti oksidan: kang tumindak langsung mempertahan
kadar fungsional zat-zat anti oksidan sanesipun. Wonten salah satunggaling
percobaan saking AS, asilipun ngedap edabi, Glutation ingkang wonten sajroning
woh alpokat menika 90%ipun saget ngendeg replika HIV. Ing antawisipun waneka
warna jus buah, jus alpokat gathah kandutan glutation paling inggil menika
21mg/gr.
Tips caranipun milih nyimpen soho
ngolah alpokat, sampun tumbas alpokat ingkang sampun cokelat tuo, ungu,utawi
cemeng,tegesipun sampun rusak. Buah ingkang sampun dioceki kethah enggal dipun
dhahar. Alpokat matheng, nalika kulitipun dipenet raos empuk, menawi alpokat
nembe methek, matheng sajroning 3-5dinten. Alpokat matheng kethah dipun simpen
wonten kulkas, supados mboten enggal rusak. Warno cokelat nom enggang wonten
kulit buah mboten pengaruh rumatheng dagingipun. Daging buah alpokat saget
dipun olah dados koktail, jus, es buah,lsp.
Dening : Surya Ayu Septyanti
NIM. 10205244040
0 komentar:
Posting Komentar