Dhalang
Gino menika salah satunggaling dhalang ingkang sampun misuwur wonten ing daerah
Banyumas. Dhalang Gino ingkang gadhah asma jangkep Ki Sugino Saswocarito menika
asli tiyang Notog. Dhalang Gino menika milai dados dhalang wiwit taksih anem
inggih menika wiwit yuswa 20 tahun dumugi sakmenika yuswa 76 taun. Kirang langkung
sampun 50 taun dhalng Gino dados dhalang. Boten gampil anggenipun usaha kangge
dados dhalang ingkang misuwur kados sakmenika. Ki Gino boten langsung dados
dhalang ananging rumiyin nate dados lakon kethoprak ugi dados lakon wonten ing
paraga wayang wong. Nanging boten suwi lajeng mandheg, amargi nganggur Ki Gino
lajeng nyobi ngamen muter-muter saking satunggal daerah dumugi daerah
sanesipun. Ugi nate dados penderes nira kangge damel gendhis abang. Boten wonten turunan dhalang wonten ing
silsilah kaluwarganipun dhalang Gino.
Rikala
dhalang Gino manggung alias saweg ndalang, boten sekedhik tiyang ingkang
mirsani pertunjukannipun. Pentasipun dipunremeni sedaya tiyang saking tiyang
anem dumugi tiyang sepuh. Pramila dening tiyang-tiyang ingkang nonton
pertunjukannipun paring sebutan kangge dhalang Gino “dhalang rame”. Amargi dhalang
Gino menika remen sanget mbektakaken lakon ingkang rame lan dipunremeni dening
tiyang anem.
Wayang
kagunganipun dhalang Gino menika rumiyin mirip kalihan wayang gagrak
Yogyakarta, ananging sakmenika dhalang Gino langkung asring mainaken wayang
gagrag Surakarta ingkang bentukipun langkung alit. Gagrag menapa kemawon
wayangipun, miturut dhalang Gino sami mawon. Sae menapa boten pentasipun menika
dipunpengaruhi dening tata lampunipun ugi caranipun mbektakaken paraga wayang
kadosta anggenipun mbikak cariyos ingkang badhe dipunlampahaken lan sabetanipun
saha swara gendhing ingkang seru.
Dening : Laeli Nur Hidayatunnikmah
NIM.
10205244043
0 komentar:
Posting Komentar