RSS

Siap Sedia, Forensik 24 Jam





Dinten Kamis, surya kaping 27 wulan Desember 2012 kula ngawontenaken wawancara kaliyan Bapak Supardi wonten IKF (Instalasi Kedokteran Forensik) RSUP Dr. Soedhono Madiun. Bapak Supardi menika salah satunggalaing personal ingkang mboten kathah tunggalipun. Wonten Madiun piyambak, Pak Supardi asring dipuntimbali wonten radio-radio lokal kangge ngisi acara. Biasanipun mlebet wonten acara Profil Kita, Sosok, saha Unik. Saksanesipun menika, menawi wonten berita menarik kados kacilakan, pembunuhan, mutilasi wonten dhaerah Madiun ingkang mlebet stasiun TV, Pak Supardi asring dipunsuwun panyaruwe saha dipunrekam gambaripun kangge bukti pawarta.
Nalika kula nyuwun pirsa gegayutan kaliyan profesinipun Bapak kelahiran Ponorogo, 30 Juli 1960 ngendhika mula buka panjenenganipun ngasta wonten bagian forensik utawi petugas kamar mayat inggih menika nggantosi petugas ingkang tilar donya, ananging saderengipun menika Pak Supardi sampun mbiyantu wonten ing forensik. Awit saking menika ingkang dipunparingi kapitadosan kangge nggantosi pegawaing ingkang sampun tilar donya inggih Pak Supardi. “Wiwitane kula nggih ajrih, nggih mboten tegel, wong sing ditandhangi menika nggih ndamel kula ajrih. Ananging nggih dangu-dangu sakmenika sampun mboten”, mekaten ngendhikanipun Pak Supardi.
Mboten dipundangu kados pundi raosipun saben dinten celak kaliyan jenazah-jenasah, ingkang mesthi menawi kangge kula saha panjengan sami jelas kahanan ingkang mboten biasa, kados uji nyali, ananging kangge Pak Supardi kahanan kados menika sampun biasa, malah menawi mboten wonten jenazah, panjenenganipun bingung badhe nggarap menapa.
Minangka pegawai forensik, kagiatan ingkang dipunlampahi Pak Supardi kathah sanget. Utaminipun kagiatan ngrumat jenasah ingkang seda mboten wajar, kados kecilakan saha pembunuhan menika mbetahaken Visum utawi Outopsi. Menawi kagiatan jangkepipun inggih menika Visum, Outopsi, nyirami jenazah, saha nyarekaken jenazah ingkang mboten wonten identisaipun. 




Menika pethilan wawancara kula kaliyan Bapak Supardi :
A         : “Anggenipun nyambut damel wanci menapa Pak?”
B         : “Nggih sak wanci-wanci wong petugasipun nggih terbatas namung wonten sekawan, menika dipunbagi enjing 1, siang 1, dalu 1, ingkang 1 stand by wonten griya, mangke sakwanci-wanci menawi wonten damelan, kanca2 nggih dipun telpon supados mbiyantu ingkang jagi wanci menika”
A         : “Pak, kula minangka masarakat ningali kamar mayat menika sampun ajrih napa malih nyambut damel wonten mriki, lha menapa wonten pengalaman misteri Pak?”
B         : “Menawi jujur nggih wonten Mbak, ananging kangge kula saha kanca-kanca menika nggih sampun biasa”
A         : “O nggih Pak, bapak wau ngendhika Outopsi jenazah. Menika jenazahipun dipuntangani ingkang kados pundi?”
B         : “Jenasahipun dipunperiksa, kawontenanipun jenasah. Menika dipunginakaken kangge jenasah ingkang seda mboten wajar kemawon”
A         : “Sajaripun mekaten menika jenasah dipunbedhah to Pak, menapa leres? Lajeng tujuanipun menapa”
B         : “Nggih Mbak, Outopsi menika dipunbedhah, tujuanipun kangge nemtokaken seba-sebab sedanipun jenasah menika ugi kangge kesaksian hukum wonten persidangan”
A         : “Mekaten menika keluarganipun jenazah menapa pareng ningali kagiatan Outopsi?”
B         : “Pareng, nanging wonten sarar saratipun. 1.kedah gadhah ijin saking pihak kepolisian ingkang nangani perkawis menika, 2. Saget njagi rahasia, amargi menika rahasia, 3.saget mbuktekaken menawi menika kaluarganipun, 3.mboten pikantuk menawi langkung saking 1 tiyang.”
A         : “Sesampunipun dipun-Outopsi, lajeng kados pundi?”
B         : “Jenazahipun dipunsuceni, dipunrumat miturut agaminipun, lajeng dipunserahaken dhumateng kaluarga, hasil outopsinipun dipunparingaken dhumateng pihak kepolisian ingkang nyuwun outopsi menika”
A         : “Menika pandangon ingkang pungkasan, menapa suka dukanipun nyambut damel wonten forensik menika?”
B         : “Sukanipun kula nyambut damel wonten mriki mboten sedaya tiyang purun, dukanipun nyambut damel kula sakwanci-wanci, dados kula kedah siap sakwekdal wekdal”
Mekaten menika wawancara kula kaliyan Bapak Supardi. Mugi mugi saget paring faedah kangge kula panjenengan sami.

Dening : Surya Ayu Septyanti
NIM : 10205244040

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates