Gunung
Tidr menika dumunung ing tlatah Magelang. Gunung kang ana ing satengahing kutha
kuwi gawe swasana kutha Magelang tansah duwe hawa kang adhem lan isis. Ajaba
saka kuwi, Gunung Tidar uga dadi paru-paru kota lan nuwuhake sesawangan ing
kutha magelang tansah endah. Kajaba saka kuwi, gunung tidar duwe sejarah kang
dawa.
Sejarah
gunung tidar kawiwitan saka jaman biyen. Nalika tanah Jawa durung ana uwong
kang manggon, tanah Jawa iki isine mung wit-witan thok. Sabubare kuwi nembe ana
lelembut kang padha teka lan mapan ing tanah Jawa. Saka lelembut kang padha
tumeka ing tanah Jawa iki, banjur nuwuhake kadadean kang ora biyasa.
Saben-saben lelembut padha lelungan, napakake lakune sing gawe geter lemah,
pulo Jawa iya uga melu goyang-goyang. Lelembut kang ana ing tanah Jawa sajak
padha sumelang merga hurung tau nemahi kahanan kang kaya mangkono ing pulo
ngendi wae.
Ora
let sue mangsane, pawongan uga ana kang ngisi ing tanah Jawa. Marga sakehing
pawongan kang pdha teka ing tanah Jawa, lelembut kang uwis manggon padha
sumingkir merga omahe padha digusur karo manungsa sing padha tumeka banjur buka
hutan kang arep dienggoni. Sansaya akeh pawongan kang padha teka ing tanah Jawa
kuwi, kahanan pulo Jawa tansah prihatinake. Sithik-sithik pulo Jawa
goyang-goyeng wae.
Marga
saka kuwi, nuwuhake rasa sumelang mring para dewa ing kahyangan. Awit yen
kahanan mangkono iku ora dicegah, pulo Jawa bisa balik lan apa kang ana ing
tanah Jawa bisa ilang ana ing segara. Pawongan lan lelembut bisa mati lan padha
musna kabeh.
Mula
saka kuwi, para dewa banjur padha mudhun nuweni pulo Jawa. Sakehing dewa kang
padha mudhun ing pulo Jawa dadekake pulo Jawa tansah miring nengen. MUla, para
dewa kaperang dadi rong kelompok. Sepisan ing sisih kiwa, dene sijine maneh ing
sisih tengen. Saka kahanan kuwi mau, para dewa lagi bisa nliti kepiye prayogane
suaya pulo Jawa bisa anteng lan bisa
gawe swasana kang ana ing tanah Jawa kuwi bisaayem tentrem.
Sawuse
padha nliti, para dewa mulih aneng kahyangan, ing kana padha dirembug kepiye
prenahe pulo Jawa. Sawuse padha rembugan, kasiling dudutan kanga arep
dilaksanakake yaiku masang paku ing satengahe pulo Jawa. Sawuse kabeh persiapan
uwis cumawis lan kabeh para dew uwis samekta, mula pulo Jawa diangkat dening
para dewa ing aweng-awang sawetara wektu. Kahanan kuwi digunakake para dewa
kanggo ngukur jeroning paku kang bakal dienggo maku pulo Jawa.
Nalika
pulo Jawa diangkat dening para dewa, kabeh kang ana ing tnah Jawa padha geger.
Gempa kang gedhe dumadi kang nuwuhake korban akeh. Nanging korban mau uwis
dietung para dewa. Nuwuhake korban nanging ora gawe manungsa musna.
Sawuse
kabeh samekta, paku kang gedhe uga wis cumawis, para dewa maku pulo Jawa ing
tengah-tengahing pulo. Rikala samana papan kang dienggo maku mau ana ing
satengahing hutan kedu. Paku kang gedhe dumadeg mau sansaya suwe akeh lumute.
Mula ora salah yen paku kang gedhe lan dhuwur mau, banjur ing sandhuwure thukul
maneka warna pawohan kang dadekake paku mau ora katon.
Sawuse
pulo Jawa dipaku mau, Pulo Jawa tansah ayem tentrem. Ing kono ora ana maneh
gempa-gempa kang nuwuhake rasa sumelang saka kabeh kang ngenggoni pulo Jawa.
Semono uga para dewa ing kayangan, para dewa rumangsa anggone nglakoni
jejibahan maku pulo Jawa ana kasile. Wiwit saka kui, pawongan sansaya akeh urip
ing tanah jawa tekan seprene suwene.
Amarga
akeh pawongan Kang manggon ing tanah Jawa, mula tanah Jawa bisa digulawenthah
lan ing saiki tanah jawa bisa subur. Samono uga pawongane, kanthi suburing
tanah Jawa, mula uripe pwongan mau padha gemah ripah lan kecukupan sandhang
pangane. Mula, saiki akeh wong ngamanca kang padha gelem urip ing tanah Jawa.
Dening
: Nur Rochim
NIM. 10205244037
0 komentar:
Posting Komentar