RSS

Siap Sedia, Forensik 24 Jam





Dinten Kamis, surya kaping 27 wulan Desember 2012 kula ngawontenaken wawancara kaliyan Bapak Supardi wonten IKF (Instalasi Kedokteran Forensik) RSUP Dr. Soedhono Madiun. Bapak Supardi menika salah satunggalaing personal ingkang mboten kathah tunggalipun. Wonten Madiun piyambak, Pak Supardi asring dipuntimbali wonten radio-radio lokal kangge ngisi acara. Biasanipun mlebet wonten acara Profil Kita, Sosok, saha Unik. Saksanesipun menika, menawi wonten berita menarik kados kacilakan, pembunuhan, mutilasi wonten dhaerah Madiun ingkang mlebet stasiun TV, Pak Supardi asring dipunsuwun panyaruwe saha dipunrekam gambaripun kangge bukti pawarta.
Nalika kula nyuwun pirsa gegayutan kaliyan profesinipun Bapak kelahiran Ponorogo, 30 Juli 1960 ngendhika mula buka panjenenganipun ngasta wonten bagian forensik utawi petugas kamar mayat inggih menika nggantosi petugas ingkang tilar donya, ananging saderengipun menika Pak Supardi sampun mbiyantu wonten ing forensik. Awit saking menika ingkang dipunparingi kapitadosan kangge nggantosi pegawaing ingkang sampun tilar donya inggih Pak Supardi. “Wiwitane kula nggih ajrih, nggih mboten tegel, wong sing ditandhangi menika nggih ndamel kula ajrih. Ananging nggih dangu-dangu sakmenika sampun mboten”, mekaten ngendhikanipun Pak Supardi.
Mboten dipundangu kados pundi raosipun saben dinten celak kaliyan jenazah-jenasah, ingkang mesthi menawi kangge kula saha panjengan sami jelas kahanan ingkang mboten biasa, kados uji nyali, ananging kangge Pak Supardi kahanan kados menika sampun biasa, malah menawi mboten wonten jenazah, panjenenganipun bingung badhe nggarap menapa.
Minangka pegawai forensik, kagiatan ingkang dipunlampahi Pak Supardi kathah sanget. Utaminipun kagiatan ngrumat jenasah ingkang seda mboten wajar, kados kecilakan saha pembunuhan menika mbetahaken Visum utawi Outopsi. Menawi kagiatan jangkepipun inggih menika Visum, Outopsi, nyirami jenazah, saha nyarekaken jenazah ingkang mboten wonten identisaipun. 




Menika pethilan wawancara kula kaliyan Bapak Supardi :
A         : “Anggenipun nyambut damel wanci menapa Pak?”
B         : “Nggih sak wanci-wanci wong petugasipun nggih terbatas namung wonten sekawan, menika dipunbagi enjing 1, siang 1, dalu 1, ingkang 1 stand by wonten griya, mangke sakwanci-wanci menawi wonten damelan, kanca2 nggih dipun telpon supados mbiyantu ingkang jagi wanci menika”
A         : “Pak, kula minangka masarakat ningali kamar mayat menika sampun ajrih napa malih nyambut damel wonten mriki, lha menapa wonten pengalaman misteri Pak?”
B         : “Menawi jujur nggih wonten Mbak, ananging kangge kula saha kanca-kanca menika nggih sampun biasa”
A         : “O nggih Pak, bapak wau ngendhika Outopsi jenazah. Menika jenazahipun dipuntangani ingkang kados pundi?”
B         : “Jenasahipun dipunperiksa, kawontenanipun jenasah. Menika dipunginakaken kangge jenasah ingkang seda mboten wajar kemawon”
A         : “Sajaripun mekaten menika jenasah dipunbedhah to Pak, menapa leres? Lajeng tujuanipun menapa”
B         : “Nggih Mbak, Outopsi menika dipunbedhah, tujuanipun kangge nemtokaken seba-sebab sedanipun jenasah menika ugi kangge kesaksian hukum wonten persidangan”
A         : “Mekaten menika keluarganipun jenazah menapa pareng ningali kagiatan Outopsi?”
B         : “Pareng, nanging wonten sarar saratipun. 1.kedah gadhah ijin saking pihak kepolisian ingkang nangani perkawis menika, 2. Saget njagi rahasia, amargi menika rahasia, 3.saget mbuktekaken menawi menika kaluarganipun, 3.mboten pikantuk menawi langkung saking 1 tiyang.”
A         : “Sesampunipun dipun-Outopsi, lajeng kados pundi?”
B         : “Jenazahipun dipunsuceni, dipunrumat miturut agaminipun, lajeng dipunserahaken dhumateng kaluarga, hasil outopsinipun dipunparingaken dhumateng pihak kepolisian ingkang nyuwun outopsi menika”
A         : “Menika pandangon ingkang pungkasan, menapa suka dukanipun nyambut damel wonten forensik menika?”
B         : “Sukanipun kula nyambut damel wonten mriki mboten sedaya tiyang purun, dukanipun nyambut damel kula sakwanci-wanci, dados kula kedah siap sakwekdal wekdal”
Mekaten menika wawancara kula kaliyan Bapak Supardi. Mugi mugi saget paring faedah kangge kula panjenengan sami.

Dening : Surya Ayu Septyanti
NIM : 10205244040

Ki Bambang Wiji NUgraha, Dhalang Mudha Kang Kawentar






Menawi Kula lan panjenengan mireng nama Bambang Wiji Nugroho, temtu ketingalipun asing. Leres menapa boten??
Kula kinten leres, nanging ing jagad pedhalangan, nama Bambang WIji Nugraha menika temtu boten asing, nanging kepara malah sami mangretos sedaya.inggih panci leres, Bambang Wiji Nugraha menika minangka satunggaling dhalang mudha ingkang sampun kawentar ing saindhenging kutha Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun. Panjenenganipun ingkang dumunung ing Gembongan, Sukoreno, Sentolo, Kulon Progo gadhah latr belakang kulwarga seni, satemah saking alit sampun wonten bakatipun. Dhalang ingkang gadhah bapa Broto Sutrisno,ingkang gadhah pedamelan sami, makarya dados dhalang sah ibunipun Sri Lungit, inggih menika satunggaling waranggana. Kejawi menika, rayinipun ingkang nama Lilik Pujiwati,uga gadhah pakaryan dados waranggana.
Kajawi gadhah pakaryan dados dhalang, Ki Bambng Wiji Nugraha ingkang lair wonten ing Magelang, 14 Maret 1976, uga samenikatansah ngangsu kawruh ing seni karawitn lan campursari. Bakat ing seni sampun katingal saking alit lan ing kels sekawan SD panjenengane sampun remen nyinau dhalang lan ing taun 1990 dhalang dados pakaryanipun ingkang sepisan.
Kajawi wonten rah seni saking bpasaha ibunipun,  Ki Bambng Wiji NUgroho ugi wonten sambung rapetipun kalihan lingkunganipun. Panjenenganipun ngangsu kawruh ing pendidikan formal seni ing SMKI bidang karawitan. Tokoh ingkang dipunremeni inggih menika Ki Hadi Sugito kalihan Ki Timbul Hadiprayitno, satemah gaya anggenipun dados dhalang ugi radi sami kalihan tokoh ingkang dipunremeni kala wau. Kejawi mekaten, Ki Bambang Wiji Nugraha ugi nate pikantuk penghargaan juara setunggal lomba pedhalangan tingkat Kabupaten lan propinsi nalika kelas kalih SMP. Ing taun 1995, panjenengane Derek lomba dhalang remaja se-Indonesia lan dados juara satunggal ugi.
Samenika, Ki Bambang Wiji Nugroho ugi sampun lumebet ing paguyuban Dhalang Mudha Sukra Asih. Paguyuban menika dumunung ing Jalan Parangtritis Km 6,5 Dukuh Demangan, Bangunharjo, Sewon Bantul. Paguyuban Sukro Asih samenika taksih rutin nganakaken wayang konvensional ingkang dipun-adani saben sasi sepisan. Papanipun wonten ing Pendapa Dinas Kebudayaan Propinsi DIY. Kejawi menika, Paguyuban Sukro Asih ugi asring ngadani wayang kontemporer saben tigang wulan sepisan ing Tembi Rumah Budaya Bantul.
Ing wekdal menika, Ki Bambang Wiji Nugraha tinansah ngantu-antu kagem sadaya kadang mudha supados sami kersa ngangsu kawruh ing seni pedhalangan. Amargi menawi boten sami kersa nguri-uri budaya pramila mangkih kabudayan seni pewayangan saged ical.

Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037

SUKARMAN NAGIH JANJI


Wektu kui, wayahe surya uwis lengser ngulon sathithik. Sumarni lagi wae bali saka alas saprelu golek kayu. Ngaso aneng lincak ngarep omah, inis. Kayu kang digwa saka alas mau pancen rada abot, merga kayu- kayu mau kudanan. Mula ora mokal yen marni rada kabotan. Malah kepara nggos-nggosan. Adohe omah karo alas gedhe uga dadi sebab anggone marni krenggosan. Rasa ngelak kang jalari ing awak dilangi nganggo banyu putih kang diwadhahi ing botol, turahane sangu golek kayu. Botol dibukak banjur banyu putih mau kaombe telung clegukan. Rasa ngelak kang ana ing awak ilang. Gari kringet kang isih pating dlewerlan netes ing klambi saka praupane, diusap nganggo jarit kang isih sumampir ing pundhake sawuse nyelehake kayu.
Ing papan liya, sukarman, bojone marni uga adus kringet ora karuan. Dheweke ngayahi jejibahan dadi laden bangunan, abot pakaryane. Nanging Karman ora tau sambat-sinambat. Dheweke teguh lan narima yen urip uwi pncen uwis jinatah dening Gusti Kang Maha Kawasa. Tansah mobat-mabit, ngalor-ngidul nggawani adonan semen lan pasir kang dibutuhake karo tukang, Karman kang mung nganggo aling-aling topi kanggo nyingkep panase srengenge kang ngobong kulit, mung bisa ngelus dhadha. Dheweke rumangsa hurung bisa gawe anak lan bojone seneng. Sarehna wus enem taun anggone bebrayan karo Sumarni lan uwis duwe mmongan siji, lanang, Eko jenenge.
Sayah ing awak, ditambah pikirane sing lagi panas, gawe awake Karman awan kui sajak kurang sumringah. Nalika kuwi wektu kanggo labuh. Dheweke tansah kelingan karo ature Marni wingi sore. Sajak merga wewengkon kuwi dheweke kurang gumreget anggone nyambut gawe. Nanging ora luput yen Karman tansah sumelang, ature bojone wingi, “ mas, kanggo bantu mas Karman golek butuh, aku dak dadi PRT ing kutha Jakarta ya, melu mbak Janah.”
Mbak Janah, tangga desa sukarman kang biyen dadi kancane sisihane. Dheweke pancen saiki wis urip kecukupan marga olehe nyambut gawe ing kutha Jakarta dadi PRT sa bojone. Saiki mba Jnah uwis bisa buka took klonthong ing dalan nuju ing kecamatan. Minangka nunnggu took, bojone bali, dene MBa Janah tetep dadi PRT ing Jakarta.
Sabubare wektu nyambut gawe rampung, Sukarman banjur bali nuju omah. Tekan omah, dheweke sajak krasa beda. Uwis wayah jam lima sore nanging Marni lan Eko kok ra ana ing omah. Dheweke duwe panemu yen anak-bojone lagi ana ing daleme simboke kng mung beda RT. Pancen temenan, Eko ana ing kono.
“Sugeng sonten bu,” ature Karman.
“Iya, sore ngger,” Wangsulane ibune.
“Lha Marni teng pundi bu, kok boten ketingal?”
“Lho, apa hurung matur? Dheweke rak melu Janah ta, menyang Jakarta sore iki.”
Karman kaged setengah mati. Ora dinyono, sisihane tego ninggalke anak-bojone menyang Jakarta.
“Ngger, iki ana titipan layang saka Marni” ature ibune.
“inggih bu, matur nuwun.”
Sawuse maca layangsaka Marni kang dititipake ibune, dheweke mrebes mili. Nanging dheweke wong lanang, kudu kuat lan bisa ngadhepi cobaning GUsti.
Genep enem sasi suwene Marni ninggalake Karman lan anake, tinanpa kabar apa-apa. Susahe karman karanta-ranta, nanging dheweke duwe pangajap yen Gusti ora bakal menehi coba kang ngluwihi saka kemampuan kawulane. Nalika kuwi dina minggu, Eko awake adhem panas. Wus digawa nang puskesmas ora mari-mari, banjur Eko digawa ing Rumah Sakit. Ing kono nembe ngerti yen Eko kena malaria. Marga ora kuat, rongdin salebare Eko kapundhut dening Gusti. Sukarman mung bisa saderma nglakoni takdire Gusti Kang Maha Kawasa kang mengku jagad lan isine.
Sarehna Marni ora bali-bali padhahal uwis dikabari liwat bojone mbak Janah, Marna banjur pengen nemoni Marni. Karman banjur nyuwun alamat kerjane Mbak Janah marang bojone. Dina kuwi uga dheweke menyang Jakarta. Tekan papane mba Janah Dheweke jaluk alamat papane kerja Marni.
Tekan ing ngarep omah kang rada gedhe, marna dhadhag pager gerbang. Wektu kuwi ana satpam kang jaga.
“Mau cari siapa ya, Mas?” pitakone pak satpam.
“ Pak satpam, saya mau cari istri saya. Dia kerja di sini, namanya Sumarni,” wangsulane Sukarman.
“Wadhuh mas, setau saya disini tidak ada PRT yang namanya Sumarni.”
“coba dicek lagi pak, tapi ini betul kan pak satpam alamat rumah ini sama dengan yang di kertas ini?” pitakone sukarman sinambi ngulungake catetan alamat.
“Iya, betul. Tapi kalau PRT yang mas maksud  tidak ada di rumah ini.”
“Kalau dengan foto ini, apa bapak satpam kenal?” SUkarman taken malih sinambi maringake foto sing digawa saka omah.
“Kalau foto ini saya kenal mas, dia istri dari majikan saya, tapi namanya Bu Indah, bukan Sumarni,” wangsulane pak satpam.
Krungu wangsulan kaya mangkono iku Atine Sukarman tansah keranta-ranta lan kaget ora karuan. Wektu kuwi uga Marni metu saka omah lan marani satpame sing lagi guneman karo uwong ing jaba gerbang.
“satpam, ada apa yak ok berisik?” Tanya bu Indah.
“Ini bu, ada orang yang mencari istrinya yang katanya kerja di rumah ini,” wangsulane pak satpam.
Bu Indah banjur maju delok uwong kang golek bojone ing omahe, arep ngandhakake yen nang omah kuwi ora ana sing digolek uwong mau. Nanging dheweke kget setengah mati yen uwong sing ana ing jaba gerbang mau Sukarman, bojone ing desa.
Sukarman uga kaget, nanging, sawuse bisa nguwasani awake lan pikirane, dheweke banjur matur marang Sumarni sing nang kono jejuluk Bu Indah. “BU Indah, maaf saya telah mengganggu anda. Saya kira sya yang salah mencatat alamat tempat istri saya bekerja. Sebenarnya saya hanya mau mengabarkan kalau anak kami meninggal beberapa hari yang lalu dan ibunya sudah pergi selama enam bulan lebih tapi tidk pernah member kabar.”
Sawuse nyuwun pamit, Sukarman pamit bali menyang Jawa maneh. Lakune tansah sempoyongan kaya wus ora due semangat urip maneh. Sinambi mlaku lunga, luh kang wus kebak ing netra ora kuwawa babar tumetes ing lemah. Ilang kayadene janji kang diucapake bebarengan karo bojone biyen nalika bangun balewisma bakal setya tumekan mati. Nanging jebul bojone blenjani janji.

Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037
Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates