RSS

Siap Sedia, Forensik 24 Jam





Dinten Kamis, surya kaping 27 wulan Desember 2012 kula ngawontenaken wawancara kaliyan Bapak Supardi wonten IKF (Instalasi Kedokteran Forensik) RSUP Dr. Soedhono Madiun. Bapak Supardi menika salah satunggalaing personal ingkang mboten kathah tunggalipun. Wonten Madiun piyambak, Pak Supardi asring dipuntimbali wonten radio-radio lokal kangge ngisi acara. Biasanipun mlebet wonten acara Profil Kita, Sosok, saha Unik. Saksanesipun menika, menawi wonten berita menarik kados kacilakan, pembunuhan, mutilasi wonten dhaerah Madiun ingkang mlebet stasiun TV, Pak Supardi asring dipunsuwun panyaruwe saha dipunrekam gambaripun kangge bukti pawarta.
Nalika kula nyuwun pirsa gegayutan kaliyan profesinipun Bapak kelahiran Ponorogo, 30 Juli 1960 ngendhika mula buka panjenenganipun ngasta wonten bagian forensik utawi petugas kamar mayat inggih menika nggantosi petugas ingkang tilar donya, ananging saderengipun menika Pak Supardi sampun mbiyantu wonten ing forensik. Awit saking menika ingkang dipunparingi kapitadosan kangge nggantosi pegawaing ingkang sampun tilar donya inggih Pak Supardi. “Wiwitane kula nggih ajrih, nggih mboten tegel, wong sing ditandhangi menika nggih ndamel kula ajrih. Ananging nggih dangu-dangu sakmenika sampun mboten”, mekaten ngendhikanipun Pak Supardi.
Mboten dipundangu kados pundi raosipun saben dinten celak kaliyan jenazah-jenasah, ingkang mesthi menawi kangge kula saha panjengan sami jelas kahanan ingkang mboten biasa, kados uji nyali, ananging kangge Pak Supardi kahanan kados menika sampun biasa, malah menawi mboten wonten jenazah, panjenenganipun bingung badhe nggarap menapa.
Minangka pegawai forensik, kagiatan ingkang dipunlampahi Pak Supardi kathah sanget. Utaminipun kagiatan ngrumat jenasah ingkang seda mboten wajar, kados kecilakan saha pembunuhan menika mbetahaken Visum utawi Outopsi. Menawi kagiatan jangkepipun inggih menika Visum, Outopsi, nyirami jenazah, saha nyarekaken jenazah ingkang mboten wonten identisaipun. 




Menika pethilan wawancara kula kaliyan Bapak Supardi :
A         : “Anggenipun nyambut damel wanci menapa Pak?”
B         : “Nggih sak wanci-wanci wong petugasipun nggih terbatas namung wonten sekawan, menika dipunbagi enjing 1, siang 1, dalu 1, ingkang 1 stand by wonten griya, mangke sakwanci-wanci menawi wonten damelan, kanca2 nggih dipun telpon supados mbiyantu ingkang jagi wanci menika”
A         : “Pak, kula minangka masarakat ningali kamar mayat menika sampun ajrih napa malih nyambut damel wonten mriki, lha menapa wonten pengalaman misteri Pak?”
B         : “Menawi jujur nggih wonten Mbak, ananging kangge kula saha kanca-kanca menika nggih sampun biasa”
A         : “O nggih Pak, bapak wau ngendhika Outopsi jenazah. Menika jenazahipun dipuntangani ingkang kados pundi?”
B         : “Jenasahipun dipunperiksa, kawontenanipun jenasah. Menika dipunginakaken kangge jenasah ingkang seda mboten wajar kemawon”
A         : “Sajaripun mekaten menika jenasah dipunbedhah to Pak, menapa leres? Lajeng tujuanipun menapa”
B         : “Nggih Mbak, Outopsi menika dipunbedhah, tujuanipun kangge nemtokaken seba-sebab sedanipun jenasah menika ugi kangge kesaksian hukum wonten persidangan”
A         : “Mekaten menika keluarganipun jenazah menapa pareng ningali kagiatan Outopsi?”
B         : “Pareng, nanging wonten sarar saratipun. 1.kedah gadhah ijin saking pihak kepolisian ingkang nangani perkawis menika, 2. Saget njagi rahasia, amargi menika rahasia, 3.saget mbuktekaken menawi menika kaluarganipun, 3.mboten pikantuk menawi langkung saking 1 tiyang.”
A         : “Sesampunipun dipun-Outopsi, lajeng kados pundi?”
B         : “Jenazahipun dipunsuceni, dipunrumat miturut agaminipun, lajeng dipunserahaken dhumateng kaluarga, hasil outopsinipun dipunparingaken dhumateng pihak kepolisian ingkang nyuwun outopsi menika”
A         : “Menika pandangon ingkang pungkasan, menapa suka dukanipun nyambut damel wonten forensik menika?”
B         : “Sukanipun kula nyambut damel wonten mriki mboten sedaya tiyang purun, dukanipun nyambut damel kula sakwanci-wanci, dados kula kedah siap sakwekdal wekdal”
Mekaten menika wawancara kula kaliyan Bapak Supardi. Mugi mugi saget paring faedah kangge kula panjenengan sami.

Dening : Surya Ayu Septyanti
NIM : 10205244040

Ki Bambang Wiji NUgraha, Dhalang Mudha Kang Kawentar






Menawi Kula lan panjenengan mireng nama Bambang Wiji Nugroho, temtu ketingalipun asing. Leres menapa boten??
Kula kinten leres, nanging ing jagad pedhalangan, nama Bambang WIji Nugraha menika temtu boten asing, nanging kepara malah sami mangretos sedaya.inggih panci leres, Bambang Wiji Nugraha menika minangka satunggaling dhalang mudha ingkang sampun kawentar ing saindhenging kutha Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun. Panjenenganipun ingkang dumunung ing Gembongan, Sukoreno, Sentolo, Kulon Progo gadhah latr belakang kulwarga seni, satemah saking alit sampun wonten bakatipun. Dhalang ingkang gadhah bapa Broto Sutrisno,ingkang gadhah pedamelan sami, makarya dados dhalang sah ibunipun Sri Lungit, inggih menika satunggaling waranggana. Kejawi menika, rayinipun ingkang nama Lilik Pujiwati,uga gadhah pakaryan dados waranggana.
Kajawi gadhah pakaryan dados dhalang, Ki Bambng Wiji Nugraha ingkang lair wonten ing Magelang, 14 Maret 1976, uga samenikatansah ngangsu kawruh ing seni karawitn lan campursari. Bakat ing seni sampun katingal saking alit lan ing kels sekawan SD panjenengane sampun remen nyinau dhalang lan ing taun 1990 dhalang dados pakaryanipun ingkang sepisan.
Kajawi wonten rah seni saking bpasaha ibunipun,  Ki Bambng Wiji NUgroho ugi wonten sambung rapetipun kalihan lingkunganipun. Panjenenganipun ngangsu kawruh ing pendidikan formal seni ing SMKI bidang karawitan. Tokoh ingkang dipunremeni inggih menika Ki Hadi Sugito kalihan Ki Timbul Hadiprayitno, satemah gaya anggenipun dados dhalang ugi radi sami kalihan tokoh ingkang dipunremeni kala wau. Kejawi mekaten, Ki Bambang Wiji Nugraha ugi nate pikantuk penghargaan juara setunggal lomba pedhalangan tingkat Kabupaten lan propinsi nalika kelas kalih SMP. Ing taun 1995, panjenengane Derek lomba dhalang remaja se-Indonesia lan dados juara satunggal ugi.
Samenika, Ki Bambang Wiji Nugroho ugi sampun lumebet ing paguyuban Dhalang Mudha Sukra Asih. Paguyuban menika dumunung ing Jalan Parangtritis Km 6,5 Dukuh Demangan, Bangunharjo, Sewon Bantul. Paguyuban Sukro Asih samenika taksih rutin nganakaken wayang konvensional ingkang dipun-adani saben sasi sepisan. Papanipun wonten ing Pendapa Dinas Kebudayaan Propinsi DIY. Kejawi menika, Paguyuban Sukro Asih ugi asring ngadani wayang kontemporer saben tigang wulan sepisan ing Tembi Rumah Budaya Bantul.
Ing wekdal menika, Ki Bambang Wiji Nugraha tinansah ngantu-antu kagem sadaya kadang mudha supados sami kersa ngangsu kawruh ing seni pedhalangan. Amargi menawi boten sami kersa nguri-uri budaya pramila mangkih kabudayan seni pewayangan saged ical.

Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037

SUKARMAN NAGIH JANJI


Wektu kui, wayahe surya uwis lengser ngulon sathithik. Sumarni lagi wae bali saka alas saprelu golek kayu. Ngaso aneng lincak ngarep omah, inis. Kayu kang digwa saka alas mau pancen rada abot, merga kayu- kayu mau kudanan. Mula ora mokal yen marni rada kabotan. Malah kepara nggos-nggosan. Adohe omah karo alas gedhe uga dadi sebab anggone marni krenggosan. Rasa ngelak kang jalari ing awak dilangi nganggo banyu putih kang diwadhahi ing botol, turahane sangu golek kayu. Botol dibukak banjur banyu putih mau kaombe telung clegukan. Rasa ngelak kang ana ing awak ilang. Gari kringet kang isih pating dlewerlan netes ing klambi saka praupane, diusap nganggo jarit kang isih sumampir ing pundhake sawuse nyelehake kayu.
Ing papan liya, sukarman, bojone marni uga adus kringet ora karuan. Dheweke ngayahi jejibahan dadi laden bangunan, abot pakaryane. Nanging Karman ora tau sambat-sinambat. Dheweke teguh lan narima yen urip uwi pncen uwis jinatah dening Gusti Kang Maha Kawasa. Tansah mobat-mabit, ngalor-ngidul nggawani adonan semen lan pasir kang dibutuhake karo tukang, Karman kang mung nganggo aling-aling topi kanggo nyingkep panase srengenge kang ngobong kulit, mung bisa ngelus dhadha. Dheweke rumangsa hurung bisa gawe anak lan bojone seneng. Sarehna wus enem taun anggone bebrayan karo Sumarni lan uwis duwe mmongan siji, lanang, Eko jenenge.
Sayah ing awak, ditambah pikirane sing lagi panas, gawe awake Karman awan kui sajak kurang sumringah. Nalika kuwi wektu kanggo labuh. Dheweke tansah kelingan karo ature Marni wingi sore. Sajak merga wewengkon kuwi dheweke kurang gumreget anggone nyambut gawe. Nanging ora luput yen Karman tansah sumelang, ature bojone wingi, “ mas, kanggo bantu mas Karman golek butuh, aku dak dadi PRT ing kutha Jakarta ya, melu mbak Janah.”
Mbak Janah, tangga desa sukarman kang biyen dadi kancane sisihane. Dheweke pancen saiki wis urip kecukupan marga olehe nyambut gawe ing kutha Jakarta dadi PRT sa bojone. Saiki mba Jnah uwis bisa buka took klonthong ing dalan nuju ing kecamatan. Minangka nunnggu took, bojone bali, dene MBa Janah tetep dadi PRT ing Jakarta.
Sabubare wektu nyambut gawe rampung, Sukarman banjur bali nuju omah. Tekan omah, dheweke sajak krasa beda. Uwis wayah jam lima sore nanging Marni lan Eko kok ra ana ing omah. Dheweke duwe panemu yen anak-bojone lagi ana ing daleme simboke kng mung beda RT. Pancen temenan, Eko ana ing kono.
“Sugeng sonten bu,” ature Karman.
“Iya, sore ngger,” Wangsulane ibune.
“Lha Marni teng pundi bu, kok boten ketingal?”
“Lho, apa hurung matur? Dheweke rak melu Janah ta, menyang Jakarta sore iki.”
Karman kaged setengah mati. Ora dinyono, sisihane tego ninggalke anak-bojone menyang Jakarta.
“Ngger, iki ana titipan layang saka Marni” ature ibune.
“inggih bu, matur nuwun.”
Sawuse maca layangsaka Marni kang dititipake ibune, dheweke mrebes mili. Nanging dheweke wong lanang, kudu kuat lan bisa ngadhepi cobaning GUsti.
Genep enem sasi suwene Marni ninggalake Karman lan anake, tinanpa kabar apa-apa. Susahe karman karanta-ranta, nanging dheweke duwe pangajap yen Gusti ora bakal menehi coba kang ngluwihi saka kemampuan kawulane. Nalika kuwi dina minggu, Eko awake adhem panas. Wus digawa nang puskesmas ora mari-mari, banjur Eko digawa ing Rumah Sakit. Ing kono nembe ngerti yen Eko kena malaria. Marga ora kuat, rongdin salebare Eko kapundhut dening Gusti. Sukarman mung bisa saderma nglakoni takdire Gusti Kang Maha Kawasa kang mengku jagad lan isine.
Sarehna Marni ora bali-bali padhahal uwis dikabari liwat bojone mbak Janah, Marna banjur pengen nemoni Marni. Karman banjur nyuwun alamat kerjane Mbak Janah marang bojone. Dina kuwi uga dheweke menyang Jakarta. Tekan papane mba Janah Dheweke jaluk alamat papane kerja Marni.
Tekan ing ngarep omah kang rada gedhe, marna dhadhag pager gerbang. Wektu kuwi ana satpam kang jaga.
“Mau cari siapa ya, Mas?” pitakone pak satpam.
“ Pak satpam, saya mau cari istri saya. Dia kerja di sini, namanya Sumarni,” wangsulane Sukarman.
“Wadhuh mas, setau saya disini tidak ada PRT yang namanya Sumarni.”
“coba dicek lagi pak, tapi ini betul kan pak satpam alamat rumah ini sama dengan yang di kertas ini?” pitakone sukarman sinambi ngulungake catetan alamat.
“Iya, betul. Tapi kalau PRT yang mas maksud  tidak ada di rumah ini.”
“Kalau dengan foto ini, apa bapak satpam kenal?” SUkarman taken malih sinambi maringake foto sing digawa saka omah.
“Kalau foto ini saya kenal mas, dia istri dari majikan saya, tapi namanya Bu Indah, bukan Sumarni,” wangsulane pak satpam.
Krungu wangsulan kaya mangkono iku Atine Sukarman tansah keranta-ranta lan kaget ora karuan. Wektu kuwi uga Marni metu saka omah lan marani satpame sing lagi guneman karo uwong ing jaba gerbang.
“satpam, ada apa yak ok berisik?” Tanya bu Indah.
“Ini bu, ada orang yang mencari istrinya yang katanya kerja di rumah ini,” wangsulane pak satpam.
Bu Indah banjur maju delok uwong kang golek bojone ing omahe, arep ngandhakake yen nang omah kuwi ora ana sing digolek uwong mau. Nanging dheweke kget setengah mati yen uwong sing ana ing jaba gerbang mau Sukarman, bojone ing desa.
Sukarman uga kaget, nanging, sawuse bisa nguwasani awake lan pikirane, dheweke banjur matur marang Sumarni sing nang kono jejuluk Bu Indah. “BU Indah, maaf saya telah mengganggu anda. Saya kira sya yang salah mencatat alamat tempat istri saya bekerja. Sebenarnya saya hanya mau mengabarkan kalau anak kami meninggal beberapa hari yang lalu dan ibunya sudah pergi selama enam bulan lebih tapi tidk pernah member kabar.”
Sawuse nyuwun pamit, Sukarman pamit bali menyang Jawa maneh. Lakune tansah sempoyongan kaya wus ora due semangat urip maneh. Sinambi mlaku lunga, luh kang wus kebak ing netra ora kuwawa babar tumetes ing lemah. Ilang kayadene janji kang diucapake bebarengan karo bojone biyen nalika bangun balewisma bakal setya tumekan mati. Nanging jebul bojone blenjani janji.

Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037

LEGENDA GUNUNG TIDAR


Gunung Tidr menika dumunung ing tlatah Magelang. Gunung kang ana ing satengahing kutha kuwi gawe swasana kutha Magelang tansah duwe hawa kang adhem lan isis. Ajaba saka kuwi, Gunung Tidar uga dadi paru-paru kota lan nuwuhake sesawangan ing kutha magelang tansah endah. Kajaba saka kuwi, gunung tidar duwe sejarah kang dawa.
Sejarah gunung tidar kawiwitan saka jaman biyen. Nalika tanah Jawa durung ana uwong kang manggon, tanah Jawa iki isine mung wit-witan thok. Sabubare kuwi nembe ana lelembut kang padha teka lan mapan ing tanah Jawa. Saka lelembut kang padha tumeka ing tanah Jawa iki, banjur nuwuhake kadadean kang ora biyasa. Saben-saben lelembut padha lelungan, napakake lakune sing gawe geter lemah, pulo Jawa iya uga melu goyang-goyang. Lelembut kang ana ing tanah Jawa sajak padha sumelang merga hurung tau nemahi kahanan kang kaya mangkono ing pulo ngendi wae.
Ora let sue mangsane, pawongan uga ana kang ngisi ing tanah Jawa. Marga sakehing pawongan kang pdha teka ing tanah Jawa, lelembut kang uwis manggon padha sumingkir merga omahe padha digusur karo manungsa sing padha tumeka banjur buka hutan kang arep dienggoni. Sansaya akeh pawongan kang padha teka ing tanah Jawa kuwi, kahanan pulo Jawa tansah prihatinake. Sithik-sithik pulo Jawa goyang-goyeng wae.
Marga saka kuwi, nuwuhake rasa sumelang mring para dewa ing kahyangan. Awit yen kahanan mangkono iku ora dicegah, pulo Jawa bisa balik lan apa kang ana ing tanah Jawa bisa ilang ana ing segara. Pawongan lan lelembut bisa mati lan padha musna kabeh.
Mula saka kuwi, para dewa banjur padha mudhun nuweni pulo Jawa. Sakehing dewa kang padha mudhun ing pulo Jawa dadekake pulo Jawa tansah miring nengen. MUla, para dewa kaperang dadi rong kelompok. Sepisan ing sisih kiwa, dene sijine maneh ing sisih tengen. Saka kahanan kuwi mau, para dewa lagi bisa nliti kepiye prayogane suaya pulo Jawa bisa  anteng lan bisa gawe swasana kang ana ing tanah Jawa kuwi bisaayem tentrem.
Sawuse padha nliti, para dewa mulih aneng kahyangan, ing kana padha dirembug kepiye prenahe pulo Jawa. Sawuse padha rembugan, kasiling dudutan kanga arep dilaksanakake yaiku masang paku ing satengahe pulo Jawa. Sawuse kabeh persiapan uwis cumawis lan kabeh para dew uwis samekta, mula pulo Jawa diangkat dening para dewa ing aweng-awang sawetara wektu. Kahanan kuwi digunakake para dewa kanggo ngukur jeroning paku kang bakal dienggo maku pulo Jawa.
Nalika pulo Jawa diangkat dening para dewa, kabeh kang ana ing tnah Jawa padha geger. Gempa kang gedhe dumadi kang nuwuhake korban akeh. Nanging korban mau uwis dietung para dewa. Nuwuhake korban nanging ora gawe manungsa musna.
Sawuse kabeh samekta, paku kang gedhe uga wis cumawis, para dewa maku pulo Jawa ing tengah-tengahing pulo. Rikala samana papan kang dienggo maku mau ana ing satengahing hutan kedu. Paku kang gedhe dumadeg mau sansaya suwe akeh lumute. Mula ora salah yen paku kang gedhe lan dhuwur mau, banjur ing sandhuwure thukul maneka warna pawohan kang dadekake paku mau ora katon.
Sawuse pulo Jawa dipaku mau, Pulo Jawa tansah ayem tentrem. Ing kono ora ana maneh gempa-gempa kang nuwuhake rasa sumelang saka kabeh kang ngenggoni pulo Jawa. Semono uga para dewa ing kayangan, para dewa rumangsa anggone nglakoni jejibahan maku pulo Jawa ana kasile. Wiwit saka kui, pawongan sansaya akeh urip ing tanah jawa tekan seprene suwene.
Amarga akeh pawongan Kang manggon ing tanah Jawa, mula tanah Jawa bisa digulawenthah lan ing saiki tanah jawa bisa subur. Samono uga pawongane, kanthi suburing tanah Jawa, mula uripe pwongan mau padha gemah ripah lan kecukupan sandhang pangane. Mula, saiki akeh wong ngamanca kang padha gelem urip ing tanah Jawa.

Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037

KEBO LAN SAPI


Ing jaman rumiyin, sadaya kewan menika saged urip sesarengan mliginipun ingkang nama mamalia. Sadaya kewan sami pados pakan wonten ing alas gedhe kang kebak suket minangka dados pakananipun. Nalika menika cecongkrahn antawisipun sapi kalihan kebo kawiwitan.
Ing jaman riyin, antawisipun kebo kalihan sapi menika satunggaling kewan ingkang guyb rukun anggen urip. Nanging kedadosan mekaten menika kapunggel kalihan sapi ingkang blenjani janji. Sapi lan kebo ingkang taksih sedulur dados mungsuh dumugi samenika. Kedadosan mekaten amargi sapi kesengsem kalihan kulitipun kebo. Rikala semanten, kebo menika kulitipun pethak, dene sapi menika kulitipun cemeng. Nanging sapi tega nyidrani kadangipun piyambak.
“ eh kebo, sajak kulitmu kok putih tur alus tenan,” ngono ature si sapi.
“lha iyo, lha aku margane sregep tagi gasik banjur adus sing resik, ora kaya awakmu.
Saben dina kok gaweyane mung turu karo manganthok. Kajaba kuwi kulit sing dak duweni iki minangka hadiyah kang diwenehake marang aku amarga aku sregep sabendinane” ngono jawabe kebo.
Kajaba mangsuli pitakonan mau, kebo uga mratelakake lelakone amrih duwe kulit kang putih tur ya resik. Sing saiki kulit kuwi gawe sapi kesengsem pengin duweni.
“Lha trus kepiye supaya kulitku bisa resik lan putih kaya kulitmu?”
“ora liya kowe ya kudu nindake paryan kaya aku, mengko rak awakmu biisa dadi kaya aku.”
“Yen mangkono, wiwit sesuk aku ditulungi ya, supaya aku bisa sregep kaya awakmu.”
“Iya, uwis mesthi mrang sapadha-padha kudu tetulung.”
Wiwit dina iku, saben esuk mruput, kebo tansah nggugah sapi sing pengin duwe kulit alus lan putih. Anggone ajak-ajak kebo kui pancen nyata aluse marga kebo duwe sipat kang alus lan sabar.
“Kancaku, sapi. Iki uwis wayah esuk, ayo dang tangi banjur melu aku”mangkono ajake si kebo.
“Iya, aku uwis tangi. Sedela maneh ya kebo.” Ngono wangsulane si sapi.
Sabubare kuwi, kewan loro mau padha nindakake pakaryan saben dinan bebarengan tumeka wayah sore, wayahe kewan-kewan padha turu maneh. Sadina rong dina sapi sing diajak kebo tangi esul banjur nindkake pakaryan sabendinan gumregah, nanging hurung genep seminggu anggone ngayahi kekudangane, si sapi uwis ora gelem menyat maneh. Dheweke malah lali marang apa kang dipengini. Saben esuk digugah kebo, sapi malah nesu-nesu marang kebo banjur kemulan maneh. Dhasare si kebo kuwi sabar, diunek-uneke sapi ya mung mengeng wae. Ora males babar pisan. Beda karo si sapi,dheweke gampang nesu, kesed lan yen duwe panjaluk kudu dituruti. Pancen pantes yen awake ireng.
Marga pepenginane si sapi kang pengin duwe kulit putih sarate abot, dheweke banjur duwe panemu arep tumindak ala marang si kebo. Ing wayah sore sabubare ngayahi pakaryan saben dinan, si sapi mara aneng omahe kebo. Kebo kang lagi ngaso ing ngarep omah rada kaget marga ora biyasane si kebo dolan aneng omahe.
“ eeee eee kok janur gunung tenan iki bocah, kadingaren sore-sore kowe dolan aneng omah. Ana prelu apa sapi?” ngono ature si kebo.
“Iya, aku sajak ana prelu karo awakmu kebo,” Mangkoo wangsulane sapi.
“Apa kui? yen aku bisa, aku bakal aweh pambiyantu.”
“Mangkene, anggonku pengin duwe kulitputih kuwi kok sarate angel temenan ya.Apa ora ana sarat liya maneh kebo?”
“Yen sangertiku, sarat sing dak lakoni ya kaya mangkono kui. Ora ana sing liya maneh.”
Sinambi ngalamun mikir kepiye olehe bisa jupuk kulite si kebo, sapi delok isining omahe kebo. Sawuse kuwi, ora let suwe sapi banjur oleh cara supayane bisa jupuk kulite si kebo.
“Sedulurku, kebo. Apa aku wengi iki oleh turu aneng omahmu?” Mangkono pitakone si sapi.
“Lah iyo temtune oleh, kowe rak ya uwis dak anggep sedulur dhewe ta. Malah kebeneran, wengi iki aku duwe kanca kanggo turu.” Wangsulane kebo.
“Iyo, matur nuwun tenan ya, kowe pancen sedulur kang apik temenan.”
Ing wayah wengi, si sapi ora bisa turu babar pisan. Dheweke uwis siap-siap yen kebo mapan turu banjur nyelehake kulite, sapi banjur jupuk kulit mau digawa mulih langsung kareb ben ora konangan. Temenan, rikala tengah wengi, kebo uwis turu, si sapi tangi jupuk kulite si kebo banjur digawa bali. Sawuse tekan omah, kulit mau banjur dienggo. Amarg awake sapi luwih cilik saka kebo, mula kulit mau rada gegedhen, nanging sapi pinter. Kulit kang torah mau diglembrehake ana ing gulune. Mula gulune banjur glembreh-glembreh. Sawuse nganggo, sapi banjur bisa turu. Pepenginan sing dikarepake saiki uwis bisa kasembadan.
Rikala esuk tumeka. Kebo gasik uwis tangi. Dhweke banjur menyat arep nggugah si sapi. Nanging ora dinyana, sapi uwis ora ana ing peturon. Kebo sajak kaget, banjur omong ing atine. “ wah saiki sapi kok bisa tangi esuk, apa wiwit saiki sapi dak kon turu ing omahku wae ya.” Sawuse kuwi, kebo arep nusul sapi, bok menawa sapi lagi ana ing kali saprelu adus. Kebo banjur tata-tata jur jupuk kulite. Kebo kaget marga kulite kok ora ana.
“ haaaaaaaaaaaaaaaaah, kulitku kok ora ana iki??????”
Kebo banjur mlayu aneng omahe si sapi bok menawa dheweke ngerti. Tekan ngarep omahe, kebo banjur thothok-thothok lawange.
“ sapi, sapi, sapi………………..?”
Sinambi bukak lawang sapi omong, “Ana apa ta, sajak isih esuk kok kaya ana maling wae, uwis ribut?”
Kebo kaget kepati-pati, kulite dheweke kienggo karo sapi. Dheweke  banjur omong,  “ lha kulit sing dienggo kuwi rak kulitku ta?”
“sapi mangsuli, “ ora, iki anggonku nemu pas bali saka omahmu”.
“Lha kok kulitku ora ana ing papane?”
“ ya embuh, aku ora ngerti babar pisan.”
“ kuwi mesthi kulitku, ayo bakekake!”
“Ora, iki kulitku, dadi ora bakal dak wenehake sapa-sapa!”
“Ayo balekake!” sentake kebo.
Anggone sapi mangsuli, “ Emoooooooooh.”
Marga jawabe sapi mung emoh-emoh wae, wiwit saka kuwi, sapi anggone omong ya mung emoh- emoh wae. Kuwi marga kebo ngutuk marang sapi.
Sabubare kuwi mau, kebo banjur lunga ing kali adus. Ingo no dheweke ditemoni dewa kang menehake kulit putih mau. Kebo banjur disalahake merga menehake kulite marang wong liya. Mula saka kuwi kebo dikutuk karo dewa kulite dadi ireng. Marga anggone mangsuli dewa ya mung jawab “ora –ora” wae, mula kebo ya ki kutuk mung bisa ngucap “ora- ora” kang saiki owah dadi “nguek”.
…Tamat…

Dening : Nur Rochim
NIM. 10205244037
Copyright 2009 DEWARUCI. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates